PAKARYANE GUSTI PADHA SUWURNA

PAKARYANE GUSTI PADHA SUWURNA

Selasa, 16 Juni 2026 Minggu Limrah

1 Samuel 3:1-9; Jabur 105:1-11, 37-45; 2 Tesalonika 2:13-3:5

“Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebuta asmane, pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa!” (Jabur 105:1)

PAKARYANE GUSTI PADHA SUWURNA

Pakaryanipun Gusti Allah dhateng manungsa saestu kathah lan mawarni-warni. Gusti maringi kawilujengan, bagas-warasing raga, katentreman ing manah, guyub-rukun ing brayat, menapa dene rejeki ingkang katampi saben dinten lan saged nyekapi kabetahaning brayat.

Kidung ingkang sinerat ing Jabur 105 mirungganipun ayat 1 nimbali dhateng para pitados, supados nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah. Timbalan menika ngemu teges, bilih (1) pakaryanipun Gusti Allah dhateng manungsa tuwin titah sajagad saestu nyata, wonten wujudipun; (2) manungsa ingkang kaparingan pikiran, raos, ugi kawicaksanan dening Gusti Allah, sageda mratelakaken pakaryanipun Gusti ing gesang saben dintenipun.

Pakaryanipun Gusti sageda saestu dados pakaryanipun Gusti. Ampun ngantos manungsa ngaku-aku pakaryanipun Gusti Allah dados pakaryanipun manungsa pribadi. Manungsa dados sarana, dipun agem dening Gusti satemah pakaryanipun Gusti mawujud ing jagad, tuwin saged karaosaken dening manungsa. Mila, manungsa sampun samesthinipun atur panuwun sokur, ngluhuraken asmanipun Gusti, tuwin sedaya pakaryanipun Gusti dipun suwuraken. Ampun ngantos kuwalik, manungsa nyuwuraken pribadinipun, ngengungaken pakaryanipun piyambak.

Kadospundi anggenipun manungsa nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah? Manungsa nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah lumantar kapitadosanipun ingkang bakoh, tumuju namung dhumateneg Gusti Allah kaswargan, ing asmanipun Gusti Yesus. Tansah ngibadah ing saben dinten Minggu tuwin dinten-dinten pangibadah sanesipun kanthi tumemen. Tansah ndedonga kanthi gumolonging manah, atur panuwun sokur awit berkah-berkahipun, ugi nyenyuwun ingkang dados kabetahanipun. Gesang ing lampah ingkang pener ing panguwaosipun Sang Roh Suci. Memuji asmanipun, Gusti ingkang Maha Asih dhateng sedaya titah ing jagad. Setemah asmanipun Gusti Allah ingkang Maha kuwaos saha Maha Asih saya dipun raosaken tuwin dipunpitadosi dening sedherek kathah. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline