Ahad, 14 Juni 2026 Minggu Limrah
Pangentasan 19:2-8a; Jabur 100; Rum 5:1-8; Mateus 9:35-10:8, (9-23)
“Panjenenganipun mirsani wong akeh, atine padha trenyuh, amarga wong-wong iku padha kaya wedhus tanpa pangon.” (Mateus 9:36)
DIPUN PILIH, DIPUN TRESNANI, DIPUN UTUS
Kita sami mangertos bilih gesang ing jaman samangke punika pinanggih kaliyan maneka warni tantangan: ekonomi ingkang saya angel, pajak ingkang saya awrat, moral ingkang saya owah, kabudayan global ingkang asring nggeser nilai-nilai adiluhung, lan raos “kesepian rohani” ingkang saged tumempuh ing umat. Ing satengahing kahanan punika, pitedah Kitab Suci nyarengi kita, paring pepadhang saha panglipur, saha ngajak kita ngraosaken timbalanipun Gusti Yesus ing jaman menika.
Ing Pangentasan 19: 2 – 8a Gusti Allah nimbali lan miji bangsa Israel dadps umatipun. Bangsa punika dipun undang mebet prasetyanipunGusti,“Kang iku saiki, manawa sira padha ngestokake dhawuhingSun klawan temen-temen sarta padha netepi prasetyaningSun, mesthi sira padha dadi kekasihingSun pinilih saka ing antarane sakehe bangsa, awit salumahing bumi iku kagunganingSun” (ayat 5).Bab punika nelakaken babagan identitas umat pilihan, ingkang boten dipun pilih awit jasa, kasaenan, nanging amarga sih-rahmat.
Ing jaman samangke, gereja lan umat Kristen ugi dipun sebat minangka umat kagungane Gusti (1 Petrus 2:9). Kita punika dados pewaris prasetyan, lan kadunungan timbalan lan tanggung jawab. Kita boten pareng gesang kanthi saksekecanipun piyambak, nanging kedah kanthi tanggel jawab kangge nelakaken katresnan lan kautamenipun Gusti wonten ing donya. Ing Matius 9:35-10:8 Gusti Yesus mirsani kawontenaning tiyang kathah, Panjenenganipun trenyuh. Ing basa Yunani, tembung “trenyuh” punika maknanipun kraos nggregel, pangraos kang jero, tulus. Tiyang kathah punika kados menda tanpa pangen. Awit saking punika, Gusti Yesus milih lan ngutus para sakabat. Panjenenganipun maringi panguwaos, nanging ugi ngelingake bab tantangan: bakal dipun tampik, panganiaya lan dipun adili. Punika gambaran gereja jaman sapunika: dipun paringi misi, nanging kedah sumadya ngadhepi tantangan pelayanan Kristen punika adhedhasar katresnan lan kawelasan dhateng tiyang ingkang ringkih. |*LES
