Senen, 15 Juni 2026 Minggu Limrah
Yusak 1:1–11; Jabur 105:1–11, 37–45; 2 Tesalonika 3:1–5
“Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.” (Yusak 1:9)
TANSAH KENDEL, NGLESTANTUNAKEN PANGANDEL
Kacariyosaken bilih saksampunipun Sang Musa seda, senapati Yosua angsal tugas ageng piniji nglajengaken pakaryanipun Musa, kedah lumampah mimpin umat pilihan lumebet ing tanah Kanaan. Gusti Allah paring pangandika, “Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntun bangsa iki supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos marang para leluhure, menawa bakal kaparingake marang dheweke kabeh.” (Yusak 1:6)
Gusti Paring Dhawuh lan paring kakiyatan dhumateng Yosua (Yosua 1:1–11). Ingkang baken, Yosua kedah sumarah mring Gusti Allah saha kadunungan kakendelan. Gusti Allah paring pepenget, “Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.”
Mekaten ugi kita. Kita minangka pelados, pemimpin, utawi peranganing pasamuwan, kedah gadhah kakendelan ingkang asalipun tuwuh saking iman, tumuju mring sih pitulungipun Gusti; boten saking kaprigelan, kasagedan kita piyambak. Supados saged tumindak mekaten kedah enget lan pitados dhumateng Gusti Allah. Juru Masmur ugi ngengetaken, sampun ngantos supe dhateng kasaenan lan sih palimirmanipun Gusti. Panjenenganipun ingkang sampun nuntun saha setya ngreksa gesaning para kagunganipun.
Awit saking punika, sumangga tansah enget dhateng katresnaning Gusti Allah. Rikala ngadhepi kasangsaraning gesang, mbok menawi awit saking kesrakat, awit saking kasusahan ekonomi, awit saking krisis iman, mangga tansah enget bilih Gusti Allah boten nate negakaken kita.
Pramila kita kedah tetep yakin estu bilih Gusti Allah punika setya, sanajan kawontenan boten cetha (2 Tesalonika 3:1–5). Saestu, Gusti iku setya tuhu, Panjeneganipun badhe nyantosakaken manah kita. Amin |*LES
