Setu, 13 Juni 2026 Minggu Limrah
Pangentasan 6:28–7:13; Jabur 100; Markus 7:1–13
“Padha lumebua liwat ing gapurane kalawan memuji asmane, lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana, ngaturna pamuji sokur lan ngluhurna asmane.” (Jabur 100:4)
SUMARAH MRING GUSTI ALLAH, MITUHU DHAWUHE
Waosan suci dinten punika mbabaraken lelampahanipun Nabi Musa nalika kaparingan dhawuh dening Gusti Allah kangge ngadhepi Sang Pringon. Nanging Musa rumangsa ringkih, boten pantes, boten nggadhahi kawicaksanan, lan boten pinter ngendika. Nanging Gusti Allah ingkang maha kuwaos sampun paring dhawuh, lan Musa piniji, pinilih, kautus dening Gusti. Pranyata Gusti Allah boten negakaken, mboten nilar Musa. Malah kepara empati kanti ngutus Harun supados nyengkuyung lan mbiyantu Musa. Gusti Allag ugi paring pangandika lan pratandha-pratandha ingkang ngukuhaken paladosanipun Musa.
Inggih pancen mekaten, ing Pangentasan 6–7, kita sinau bilih timbalan saking Gusti punika boten gumantung dhumateng: kasagedan, kapinteran, kawaskithan utawi kemampuan kita. Nanging gumantung dhateng Karsaning Gusti tuwin kasetyan kita, saha sesambetan kita kaliyan Gusti Allah.
Wonten Ing Jabur 100, kita dipun ajak tansah ngrimati relasi utawi sesambetan ingkang raket klayan Gusti Allah. Umat kaajak lumebet ing gapuraning padalemanipun Gusti kanthi panuwun sokur, pasuryan bingah, sarta kidung pamuji. Juru Masmur ngatag kita supados ngibadah boten kanthi ritual kosong, nanging ingkang tuwuh saking raos sokur lan panggalih ingkang murni. Kapratelaaken kanthi cetha: “Lumebua ing platarane kalawan kidung pangalembana”. Kaandharaken ugi bilih ibadah sejati punika prakara gesang, boten namung pasinaon liturgi, nanging praktik /tumindaking manembah inggih pangibadah ing saben dintenipun.
Ing jagad kang kebak ing maneka warni kasangsaran, gangguan punika Gusti ngersakaken tiyang-tiyang ingkang setya, ingkang sumarah, ingkang ngibadah kanthi manah suci. Ing Markus 7:1–13; Gusti Yesus ngadhepi para Farisi lan ahli Torèt, ingkang ngagul-agulaken tradisi, ritual agami ngungkuli dhawuhipun Gusti. Punapa kita nate nengenaken tradisi-tradisi manungsa ngungkuli dhawuhipun Gusti? Punapa pangibadah kita tansah adhedhasar rasa sokur lan tresna? |*LES
