Jemuwah, 12 Juni 2026 Minggu Limrah
Pangentasan 4:27-31; Jabur 100; Lelakone Para Rasul 7:35-43
“Sira methuka Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras” (Pangentasan 4:27)
SINERGI, LELADI MARANG GUSTI
Piniji dening Gusti Allah kangge leladi kadosdene Nabi Musa punika estunipun ngremenaken, naning ugi nuwuhaken tanggel jawab ingkang boten entheng malah kepara awrat sanget. Awit saking punika, Gusti Allah tumuli ndahwuhi Rama Harun supados manggihi Nabi Musa, sung tetulung lan sacara sinergis tumut nyengkuyung leladi kangge mimpin Umat Pilihan medal saking negari Mesir tumuju dhateng ing tanah Kanaan.
“Anadene Pangeran Yehuwah wus ngandika marang Rama Harun, mangkene: “Sira methukna Musa menyang ing pasamunan.” Rama Harun tumuli mangkat lan kepanggih karo Sang Musa ana ing gununge Gusti Allah, banjur diaras.” (Pangentasan 4:27). Inggih mekaten Nabi Musa lan Rama Harun lajeng makarya sesarengan sacara sinergis, kekalihinipun sumadya kaagem dening Gusti Allah. Kekalihipun lajeng ngempalake para pangarsaning umat Israel dalah nelakaken pratandha-pratandha ingkang dadosaken umat sami pitados bilih Nabi Musa punia saestu utusanipun Gusti Allah.
Piwucal ingkang kedah kita gatosaken inggih punika: (1) Gusti Allah boten nate negakaken, mboten ngutus piyambakan, Panjenenganipun mesthi paring mitra kangge makarya sesarengan, (2) Pribadi ingkang manut, mituhu, lan pasrah, setya punika mbikak margi tumrap panglipur lan pakaryan agung Gusti, (3) Nalika umat sadaya nampi pangandikanipun Gusti lumantar Nabi Musa, lajeng sami sumujud sumarah mring Gusti. Saklajengipun, kita kaatag supados “ngabekti kalawan sukarena” (Jabur 100), ngabekti dhumateng Gusti punika boten kanthi kapeksa ananging kanthi tulus lan bingah ing manah. (4) Ing salebeting nindakaken timbalanipun Gusti punika dipun betahaken kerja sama. Sumangga minangka para pandherekipun Sang Kristus kita sami makarya sesarengan lan makarya kanthi tatanan sinergis. Bab punika estu kita betahaken lan perlu kita kita tindakaken kanthi permati. |*LES
