ABDI INGKANG SETYA, PINILIH, BINERKAHAN GUSTI

ABDI INGKANG SETYA, PINILIH, BINERKAHAN GUSTI

Kemis, 11  Juni 2026 Minggu Limrah

Pangentasan 4:18-23; Jabur 100; Ibrani 3:1-6

“Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena, padha sowan ing ngarsane kambi surak-surak!”  (Jabur 100:2)

ABDI INGKANG SETYA, PINILIH, BINERKAHAN GUSTI

Saking paseksining Kitab Pangentasan 4, kita manggihaken bab wigati. Gusti Allah paring dhawuh supados Nabi Musa matur dhateng Pringon, bilih  bangsa Israel punika umat kagunganipun Gusti, “Israel iku putraningSun, iya putraning Sun pambajeng” (ayat 22). Tegesipun, Gusti nampeni umatipun boten namung minangka abdi, nanging minangka  para putra ingkang kinasih.

Ing tadisi kabudayan Yahudi, putra kapisan punika nggadhahi kaluhuran lan tanggung jawab mirunggan, ing ngriki Gusti maringi  tanggel jawab saha ajining dhiri ingkang luhur dhateng umat pilihanipun. Ing jaman samangke, sesampunipun Gusti Yesus makarya, kita kaetang ugi minangka  umat kagunganipun Gusti. Umat ingkang piniji. Pramila kita punika ugi kaetang/ dipun angkat minangka putra-putri Allah, boten amargi pancen pantes, nanging amargi sih-rahmatipun Gusti. Punika ngajak kita nglapahi gesang kanthi ajrih lan tresna dhumateng Gusti, dados putra-putri ingkang ngluhuraken asmanipun Gusti.    

Jabur 100 nimbali umat Allah: “Padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah kalawan sukarena”  Ngabketi utawi ngawula ingkang sejati ngemu teges: setya bekti, sumuyud, boten ngresula. Nanging ngawula kanthi bungah, tulus, lan kebak panuwun sokur, awit kita mangertos sinten ingkang dipun bekteni. Inggih punika Panjenenganipun punika Gusti Allah ingkang nitahaken kita lan ngayomi kita. Wekasanipun, ngawula punika boten namung tumindak lahiriah, nanging minangka wujud katresnan, ngabdi, ngabekti lan saos sokur dhumateng Gusti.  

Renungan ing kalodhangan punika nandhesaken bilih: (1) Gusti maringi kita ajining diri minangka putra-putri dalem, (2) Gusti nimbali kita tansah ngawula/ngabekti kanthi kabungahan lan tulus, (3) Sang Kristus punika Putranipun Allah ingkang sejati, Panjenenganipun dados dhasar iman kita. Menika dhedhasaripun timbalan kita saben dinten: Gesang minangka abdi ingkang setya, dados putra ingkang ajrih asih, lan umat ingkang ngluhuraken asmane Gusti. |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline