PENGETAN PASKAH

PENGETAN PASKAH

3 April 2026

Pangentasan 12:26 – 28

Dene manawa anak-anakmu padha takon marang kowe: Punapa tegesipun pangibadah punika?, tumuli padha wangsulana: Iku kurban Paskah sumaos marang Pangeran Yehuwah, kang nglangkungi omah-omahe wong Israel ana ing tanah Mesir, nalikane wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.” Wong akeh banjur padha tumelung lan sumungkem sujud. Wong Israel banjur padha lunga sarta nglakoni sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun. Kaya mangkono wong-wong mau anggone padha ngestokake.

PENGETAN PASKAH

Wujud berkahipun Gusti ingkang nyata ing gesang kita ingkang kedah dipun sokuri inggih menika ambal warsa. Adatipun pangucap sokur ing dinten ambal warsa dipun tandhani kanthi pista utawi dhahar sesarengan.

Pangandikanipun Gusti ing dinten menika nerangaken bab riyaya Paskah, pangluwaranipun bangsa Israel saking wewelak kaping sedasa: Anak mbarep pejah. Pengetan Paskah menika pengetan ingkang kalebet bab anyar tumrap bangsa Israel, ananging dhawuhipun Gusti supados pengetan menika dados piwulang lan pengetan ingkang kedah dipun lestantunaken. Tujuanipun supados bangsa Israel tansah enget dhateng pangwaos lan pakaryanipun Gusti Allah dhateng bangsa menika. Pengetan Paskah minangka pangeling-eling tumrap pakaryanipun Gusti Allah ngluwari bangsa Israel saking negari pangawulan, Mesir. Pengetan Paskah minangka pangeling-eling bab pangwaosipun Gusti Allah ingkang ngluwari bangsa Israel saking wewelak setunggal ngantos sedasa. Sedaya keturunan Israel kedah mangertos bab menika, pramila pengetan Paskah kedah dipun lestantunaken turun-temurun.

Pangibadah inggih menika caranipun tiyang-tiyang pitados nelakaken tuwin ngraosaken sesambetanipun kaliyan Gusti Allah adhedhasar pakaryanipun ingkang milujengaken, ingkang sampun dipun alami. Pangibadah menika panuwun sokur awit Sang Kristus sampun seda sinalib, nguwalaken kita saking paukuman pati, sinaosa secara lahiriah sedanipun awit raos gethingipun para imam dalah tiyang ingkang nampik Panjenenganipun. Pangibadah ingkang sejati inggih menika pangibadah ingkang tumemen nresnani lan ngurmati Gusti Allah, ngluhuraken asmanipun ingkang mawujud ing pagesangan kita saben dintenipun. Gusti mberkahi pangibadah kita sedaya ingkang kadhasaran panuwun sokur awit panggulawenthah lan berkahipun Gusti. (Pdt. Suharto)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline