AJA MÈRIPESATING WEKDALAJA MÈRI

AJA MÈRIPESATING WEKDALAJA MÈRI

2 April 2026

Jabur 90:10

Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun,dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara,amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna.

AJA MÈRIPESATING WEKDALAJA MÈRI

Setunggal wekdal, semah kula ngudaraos,”Wektu kok rumangsaku saiki cepetmen ya mas.  Durung suwe dina Senin, iki wis arep dina Senin meneh.”  Sayektosipun wekdal ing samangke lan ugi ing saderengipun, punika sami kemawon.  Namung raos batos punika ingkang mbentenaken.  Jaman taksih alit ing wulan Pasa kados ngaten punika raosipun dangu sanget anggenipun nengga dinten Bada.  Awit jaman suwau, menawi dinten Bada utawi riyaya Idul Fitri, lare-lare dipun tumbasaken rasukan utawi sepatu ingkang enggal kaliyan tiyang sepuhipun.  Sasanesipun punika ugi ing dinten Bada lare-lare dipun mangsakaken opor ayam, kupat, sambel goreng kenthang lan rupi-rupi nyamikan dipun samektakaken.  Lajeng menawi pinanggih sadherek ingkang loma, lajeng ugi dipun paringi arta kangge tumbas buku lan sanes-sanesipun.  Awit wekdal ingkang dipun rantos kados makaten, malah kados-kados dados dangu.  Namung kosokwangsulipun, menawi mboten dipun rantos, malah dipun selaki, ketingalipun wekdal punika rikat lampahipun.  Tiyang nyambut damel, ingkang biasanipun dinten Minggu prei, menawi dereng tutug anggenipun istirahat ing dinten Minggu, ngraosaken dinten Minggu kok cepet sanget.  Ujug-ujug sampun Senin malih.

Menawi nyinau saking waosan Jabur 90:10 punika, sasanesipun menggah yuswanipun manungsa ingkang kasebat 70 taun lan menawi kiyat 80 taun, wekdal ingkang dipun lampahi rinaos rikat sanget.  Punika kadidene tiyang ngimpi utawi kapindhakna suket ingkang ing wanci enjang ketingal seger nanging mboten gantalan dangu, ing wanci sonten lajeng badhe alum lan garing. (ay.  5-6)  Ing alkitab basa Inggris kangge nerangaken bab punika dipun ginakaken tembung soon ingkang tegesipun enggal-enggal.

Mbok menawi kita ugi ngraosaken bab punika.  Ujug-ujug mboten ora mung trimah Senin malih, ananging ngudaraos, “Kok wis umur semene ya, mangka kaya durung suwe dadi bocah cilik?”  Sumangga awit ngraosaken wekdal gesang ingkang ketingal pesat kados makaten pramila sampun wancinipun kita nindakaken gesang ingkang namung ngener kangge mbangun miturut namung dhumateng Sabdanipun Gusti.  Gusti mberkahi, amin. (Pdt. Em. Suyito Basuki)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline