6 April 2026
Waosan : Purwaning Dumadi 3:7
Sarwa endah sarwa edi lan sarwa peni kawontenan ing taman Pirdus. Adam lan Kawa samya ngraosaken endahing gesang ing ngarsanipun Gusti Allah.
Nanging wonten satunggal makhluk ingkang drengki, mboten sanes inggih Iblis. Mila kanthi kapinteranipun lajeng mblithuk dumateng Ibu Kawa supados nedha wong pangawruh becik lan ala. Lajeng clathu :”nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampeyan nedha wohipun wit punika, sampeyan badhe kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang sae lan ingkang awon.” (Purwaning Dumadi 3:5).
Cekaking carita ibu Kawa mundhut woh pangawruh becik lan ala, lajeng dipun dhahar sesarengan kaliyan ingkang garwa, bapa Adam. Kanthi makaten Adam Kawa nerak wewaler ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah. Wewaler punika namuung satunggal, ewadene Adam Kawa gagal, kapara nerak. Punika ingkang kawastanan wiwitaning dosa nggih dosa wiwitan. Manungsa sami lingsem, isin. Mboten wanton malih aben ajeng kaliyan Gusti Allah, kados adat saben wingi uni. Kangge nutupi lingsemipun, manungsa lajeng nggandheng-nggandheng godhong anjir kangge awer-awer nutupi awake. Nanging usahanipun manungsa kalawau mboten kasil aliyas gagal.
Sesambetan antawisipun Gusti lan manungsa dados pedhot. Usaha miwah pambudidayaning manungsa mboten saged nyambung sesambetan ingkang sampun risak kalawau. Adam gagal.
Gusti Allah lajeng mundhut karsa kangge nutupi wirang nggih nutupi dosane manungsa. “Sang Yehuwah Allah banjur ngaryakake sandhangan walulang marang manungsa lan kang wadon, sarta dianggokake. (Purwaning Dumadi 3:21)
Wonten walulang ateges wonten kewan ingkang kapragat. Wonten wutahing rah. Tanpa wutahing rah mboten badhe wonten pangapuntening dosa. “Awit Cempe-Paskah kita uga wis disembeleh, yaiku Sang Kristus.” (1 Kor.5:7)
Manungsa mboten saged ngupadi kawilujengan kanthi pambudidayanipun piyambak. Namung Gusti Allah ingkang saged nutupi dosa miwah paring kawilujengan lumantar korbanipun Gusti Yesus Kristus, nggih Sang Cempe Paskah. Gusti mberkahi. (GI. Em. Jasmin Tri)
