7 April 2026
Waosan : Lukas 8:1-3
TOTALITAS
Ndherek Gusti punika boten namung satunggaling identitas ananging ugi wontenipun totalitas, wontenipun komitmen. Nalika Gusti Yesus tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martosaken Injil Kratoning Allah, Gusti Yesus ugi kadherekaken dening wong wadon sawatawis kados dene Maryam Magdalena, Yohana somahe Kuza, Susana lan sanesipun. Ing Lukas 8:1-3 punika kita ningali cariyos para pawestri punika sami nderekaken Gusti kanthi totalitas.
Dhasar totalitas peladosan ingkang dipun tedahaken dening para pawestri inggih punika sih-rahmatipun Gusti. Kita mangertos bilih para pawestri punika tiyang ingkang sampun nampi sih-rahmatipun Gusti, nampi kawilujengan ingkang saking Gusti karana sampun dipun pitulungi dening Gusti saking maneka warni persoalan kados dene dipun luwari saking pangwasaning dhemit sesakit lan sanesipun. Para wong wadon punika rumaos binerkahan, rumaos nampi kanugrahan, nampi sihipun Gusti Pramila para wong wadon punika tansah ndherekaken, tansah ngladosi Gusti.
Para pawestri anggenipun ndherekaken Gusti lan ngladosi Gusti punika inggih kanthi totalitas. Para pawestri punika masrahaken barang darbekipun saperlu dipun ginakaken kagem ngladosi Gusti lan para pandherekipun. Para pawestri punika boten ngeman barang darbekipun kagem ngladosi Gusti lan pandherekipun. Punika temtunipun minangka raos sokur awit gesangipun sampun nampeni karaharjan ingkang saking Gusti. Pramila anggenipun ngladosi Gusti punika boten setengah-setengah ananging kanthi totalitas: wekdal, tenaga, bandha lan sanesipun.
Kula lan panjenengan sadaya minangka para kagunganipun Gusti ingkang sampun nampi sih-rahmatipun Gusti, sampun nampi sih kamirahanipun Allah, nampi kawilujegan langgeng, sumangga kita tansah ndherek Gusti lan ngladosi Gusti kanthi totalitas, aja setengah-setengah lan aja mangu-mangu, aja semaya lan aja suwala. (Pdt. Eko Susanto)
