NGLABUHI

NGLABUHI

12 April 2026
Waosan : Markus 10 : 45

 Saben-saben  kesah nglangkungi lampu bangjo, kula mrangguli wonten tiyang ngamen. Anggenipun ngamen migunakaken margi warni-warni, kados ta : ngrasuk ageman badhut. Kula nate pitaken kalayan pengamen badhut, mekaten : ”Nganggo sandhangan ngono kuwi apa ora abot lan sumuk ta Mas?” Wangsulanipun badhut kala wau mekaten : ”Ya sumuk, ya abot, ya gatel! Intine ora penak, Mas.  Nanging piye neh, golek gawean angel lan kudu ngopeni anak bojo. Anggonku macak badut ngene ya amarga nglabuhi kulawarga.”

 Markus 10 : 45 paring andharan bab anggenipun Gusti Yesus nglabuhi manungsa. Allah ingkang luhur, kepareng rawuh ing jagad. Nalika wonten ing jagad boten ngrasuk kaluhuran, ananging kepareng ngrasuk karingkihan. Saklebeting karingkihan kedah nyanggi panandhang kasangsaran ngantos kasedanan. Sadaya punika wau katindakaken awit tresnanipun dhateng manungsa. Sadaya punika wau katindakaken awit anggenipun nglabuhi manungsa amrih pikantuk kawilujengan.

Gusti Yesus sampun nglabuhi manungsa. Labuh labetipun Gusti dhateng manungsa agengipun tanpa tandhing. Pitakenan tumrap para manungsa ingkang sampun nampi lelabuhanipun Gusti inggih punika : punapa sampun nglabuhi Gusti ing saben dintenipun? Nglabuhi Gusti kanthi mbudidaya sakatogipun netepi dhawuhipun Gusti ing pagesangan. Cak-cakan padintenan limbangan punika, kados ta : tetep nindakaken kegiatan paladosan sanadyan kedah ngadhepi udan panas. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Pdt. Abednego Utomo Prasetyo)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline