10 April 2026
Waosan : Ibrani 6:19
–
JANGKARING NYAWA
Jangkar mujudaken piranti abot kadamel saking tosan utawi waja, ingkang kaiket kaliyan rante / tali wonten ing baita/kapal, ginanipun kangge nahan supados baita / kapal tetep manggen ing posisi berlabuh, mboten kentir katut angin lan ombaking segara.
Tiyang pitados nggadhahi iman, paracaya dumateng Gusti Yesus Kristus Sang Juruwilujeng, bilih gesangipun sampun dipun wilujengaken dening Panjenengane. Iman ingkang makaten punika gesang ing salebeting pangarep-arep. Pangajeng-ajengipun tiyang pitados mboten sanes mbenjang ing zaman wekasan badhe pinanggya kaliyan Gustinipun lan gesang salaminya sesarengan wonten ing swarga, nggih daleme Sang Rama.
Pangajeng-ajeng sajroning Sang Kristus punika mujudaken “jangkar” ingkang kekah lan aman kanggenipun jiwa lan nyawa kita, malah sampun “tertambat” ing swarga. Mila sanadyan ing salebeting pegesangan wonten prahara, jangkar punika njagi iman kita tetep kekah lan mboten katut keli kentir, awit Gusti Yesus Kristus sampun ngrumiyini kita lenggah ing papan Mahasuci, inggih ing swarga langgeng.
Pangajeng-ajengipun tiyang pitados mboten namung satunggaling pepinginan, nanging mujudaken kayakinan ingkang kiyat dumateng janjinipun Gusti Allah ingkang mboten owah gingsir.
Tembung “…ditibakake tekan saburining gubah.” Jangkaring kapal biasanipun dipun uncalaken ing dhasaring samodra. Nanging jangkaring nyawa kita dipun tibakake ing sawingkingipun gubah, papan ing pundi Gusti Yesus wonten, minangka Imam Agung ingkang njamin kawilujengan kita sadaya.
Jangkar punika kukuh lan santosa, awit jangkar kita kaiket kaliyan Gusti Yesus Kristus. Punika mboten terpengaruh kaliyan situasi kondisi jagad. Mila jiwa nyawa kita aman, kukuh, santosa. Sanadyan baitaning panggesangan kita horeg, kita mboten badhe keli kentir katut ombyaking jagad. Santen banyune klapa, cekap semanten atur kula. Gusti mberkahi kita sadaya, amin. (GI. Em. Jasmin Tri)
