14 April 2026
Waosan : Yesaya 45:2; Lukas 4:19
–
Bangsa Israel nggadhahi prekawis awrat, kados pundi sagedipun dados bangsa ingkang mardika lan kinurmat ing jagad punika, boten dados bangsa reh-rehan dening bangsa sanes. Boten dados bangsa bucalan ing Babel. Dene Pangeran Yehuwah kagungan rancangan badhe nguwalaken umat Israel saking pangawulan ing Babel, lumantar Raja Koresh saking Persia (Iran samenika). Persia badhe nggebag sarana perang dhumateng Babel lan umat Israel badhe uwal saking pambuwangan ing Babel. Awit pangawulan punika bab ingkang lelawanan kaliyan citranipun Pangeran piyambak. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah mekaten: “Ingsun piyambak bakal lumampah ana ing ngarepira sarta bakal ngrata gunung-gunung bakal mbejadi lawang-lawang tembaga lan bakal nugeli slarak-slarak wesi.” (Yesaya 45:2).
Ing tata lair, ketingal menawi ingkang saged ngasoraken Babel punika Koresh, kanthi kekiyatan militeripun. Ananging Sang Yehuwah kuwaos ngagem sinten kemawon ingkang dipun kersakaken kangge nindakaken rancanganipun. Panjenenganipun nresnani umatipun lan ugi sedaya umat manungsa saking panandhang minangka batur ing Babel. Katitik ing pangandika nginggil wau. Awit Sang Yehuwah ingkang lumampah ing ngajenganipun bangsa Israel, pramila sedaya rancangan kasembadan, umat Israel uwal saking pangawulan ing Babel. Boten wonten ingkang kuwawi nglawan Pangeran Yehuwah.
Sang Yehuwah ing Gusti Yesus Kristus nguwalaken manungsa saking bebendhuning dosa, karana seda sinalib, lan wungu saking antawisipun tiyang pejah. Seda lan wungunipun Sang Kristus punika minangka pratandha bilih dosa lan pepejah ingkang nguwaosi manungsa sampun kakawonaken dening Gusti Yesus Kristus, lan manungsa kauwalaken saking dosa lan pejah. Tiyang-tiyang ingkang kauwalaken saking bebendhu menika tiyang-tiyang ingkang pitados lan ngugemi Panjenenganipun. Sang Kristus ingkang kuwaos nguwalaken manungsa saking pepejah langgeng, ugi kuwaos nguwalaken saking sedaya panandhangipun manungsa, arupi sesakit, pacoben, kekirangan, raos ajrih lan panandhang sanesipun. Pramila saben tiyang pitados sampun ngantos kuwatos ngambah ing margining gesang punika, awit Gusti Yesus ingkang badhe nganthi lampah gesang kita ing jagad punika. Panjenenganipun ingkang paring pangluwaran ing sedaya prekawising gesang manungsa. (Iskandar MZ)
