PURUN MIRENGAKEN PANYARUWE

PURUN MIRENGAKEN PANYARUWE

15 April 2026
Waosan : Wulang Bebasan 25:12

Mboten gampil samangke lare-lare anem mirengaken panyaruwe saking tiyang sepuhipun utawi gurunipun.  Wonten cariyos satunggaling guru ingkang ndukani muridipun ingkang ngrokok ing kelas utawi pacaran ing kelas, mboten dipun anggep dening muridipun.  Rikala guru nindakaken disiplin fisik sekedhik kemawon, upaminipun nylenthik utawi napuk pipinipun lare, mangke saged dados prekawis hukum.  Tiyang sepuh lare saged ugi mboten badhe narimakaken lan lapuran dhateng polisi.  Bab punika sampun nate kedadosan.  Pramila punika lajeng malah ngebot-eboti guru anggenipun ndhidhik para muridipun.

Ing waosan Wulang Bebasan 25:12 kaserat: “Pituturé wong wicaksana kuwi luwih aji, ketimbang karo ali-ali utawa hiasan emas murni.”  Biasanipun tiyang ngeman-eman sanget tumrap barang-barang perhiasan kados dene ali-ali, kalung, gelang lan sanes-sanesipun ingkang kadamel saking emas.  Anggenmipun ngangge mboten ing dinten-dinten biasa ananging ing dinten-dinten mirunggan, upaminipun ing pahargyan, pista lan sanes-sanesipun.  Anggenipun nyimpen kemawon tamtu kanthi patrap primpen, mboten saben tiyang saged mangertos.

Panyerat Wulang Bebasan mratelakaken bilih menawi monten satunggaling tiyang wicaksana, saged tiyang sepuh, guru, lan sanes-sanesipun nindakaken panyaruwe saha pangatag supados sami nindakna kabecikan, punika satunggaling berkah.  Awit panyaruwe dalah pangatag punika ajinipun nglangkungi barang mas-masan kados ingkang kacariyosaken ing nginggil kalawau.  Panyaruwe lan pangandikan punika sanadyan mboten pajeng menawi dipun sade kados dene emas punika, ananging pangandika-pangandika ingkang kapireng punika saged nuntun dhateng kawilujengan ing tembe saha gesang rahayu ing wekdal samangke.

Pramila sumangga ngaturaken panuwun dhateng para tiyang ingkang kersa paring panyaruwe lan pangatag menawi satunggal wekdal kita nindakaken kalepatan.  Lan sumangga panyaruwe lan pangatag punika kita gatosaken lan tindakaken murih karaharjan gesang kita. (Pdt. Em. Suyito Basuki)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline