KAPANG DHATENG GRIYA PAMUJAN

KAPANG DHATENG GRIYA PAMUJAN

19 April 2026
Waosan : Jabur 84:3: Markus 1:21

Ing sawetawis dhusun, boten sakedhik sadherek-sadherek tunggil pitados ingkang griyanipun tebih saking greja. Wonten ingkang tebihipun kalih ngantos gangsal kilometer, malah kepara wonten ingkang langkung. Sadherek-sadherek punika menawi sami bidhal ngabekti ing dinten Minggu, wonten ingkang mlampah, sinaosa tebih, awit boten wonten tumpakan. Wonten ingkang nitih sepedha onthel, wonten ugi ingkang nitih sepedha montor. Lampahipun nglangkungi bulak-bulak bawera, lan wana wiyar. Sadherek-sadherek punika sami kapang badhe ngabekti ing ngarsanipun Gusti Allah. Kados punapa ingkang dipunraosaken dening panganggit masmur mekaten: “Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah, manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyak tumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang.” (Jabur 84:3).

Menggahing bangsa Yahudi Padaleman Suci minangka pratandha karawuhanipun Gusti Allah. Pramila rikala tiyang-tiyang Yahudi ngabekti ing Padaleman Suci rumaos bilih Gusti Allah rawuh saestu mrepegi umatipun kanthi wetah. Bab punika ugi dipuntedahaken dening Gusti Yesus mekaten: “Kacarita lakune wis padha tekan ing kutha Kapernaum. Bareng dina Sabat, Gusti Yesus banjur tindak lumebet ing papan pangibadah lan memulang.” (Markus 1:21). Punapa ingkang dipun sarirani ndhadosaken bilih ngabekti ing griya pamujan boten bab rutinitas namung upacara agami, ananging minangka kabetahan saben tiyang pitados dhumateng Gusti Allah kanthi tumemen.

Ing satengahing kathah pakaryan (kesibukan) boten saged dipun dadosaken pawadan bilih sampun boten wonten wekdal kangge ngabekti ing dalem pamujan. Minangka tiyang pitados, kita mbetahaken piwucal, mirengaken dhawuh pangandikanipun Gusti Allah lan memuji asmanipun. Kajawi saking menika panjenengan lan kula nggadhahi kalodhangan ngawontenakan pasrawungan kaliyan warga pasamuwan sanesipun ingkang saged ngraketaken pasedherekan ing antawisipun warganing pasamuwan. Minangka tiyang Kristen sampun samesthinipun kita nuladha kaliyan punapa ingkang sampun dipunsarirani dening Gusti Yesus, ingkang boten nyupekaken pangibadah ing dinten Sabat (dinten palereman). Sampun ngantos kita boten tumemen anggen kita ngibadah, sampun ngantos kita nyepelekaaken pangibadah, upaminipun asring telat dhateng greja, boten tumemen. Rikala ngibadah kita kedah nglampahi kanthi gumolonging manah. (Iskandar MZ)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline