TANPA SYARAT

TANPA SYARAT

18 April 2026
Waosan : Efesus 2:8

Salah satunggaling teolog ingkang nama C.S. Lewis ngendikakaken bilih salah satunggaling keunikan iman Kristen inggih menika piwulang babagan sih rahmatipun Allah. Sih-rahmat inggih menika peparingipun Gusti Allah dhateng manungsa kanthi ancas mbekta manungsa dhateng rancanganipun Gusti wiwitan mula. Piwulang agami umumipun nandhesaken bilih saben tiyang kedah nindakaken ingkang sae ing gesangipun supados mlebet swarga. Kosokwangsulipun namung kekristenan ingkang wantun nedahaken bilih Gusti Allah anggenipun nresnani manungsa menika tanpa syarat. Peparingipun Gusti anggenipun milujengaken manungsa dosa kebabar wonten ing Gusti Yesus ingkang seda ing kajeng salib (Luk. 23:33-49).

Minangka tiyang pitados, kita kedah mangertosi biih peparingipun Gusti menika aji sanget lan mboten wonten tandhingipun kaliyan menapa kemawon. Peparingipun Gusti Allah menika otoritas lan hak prerogratifipun Gusti. Menika gratis, mboten mbayar. Kadosdene hadiah ingkang aji sanget, mila kita badhe tansah ngurmati hadiah menika, njagi kanthi gumolonging manah minangka perkawis ingkang istimewa. Menawi kita ngrumaosi bilih kita sampun nampi peparingipun Gusti kamangka kita taksih sakepenake damel dosa, menika ateges kita nolak tawaran peparingipun Gusti menika utawi ateges kita milih kangge ngadhepi paukuman langgeng. Sinaosa menika hak prerogratifipun Gusti ananging Gusti ugi maringi kamardikan dhateng kita kangge nampi utawi nolak.

 Pramila, kita ingkang sampun nampi peparingipun Gusti sampun sakmesthinipun sumadya kawangun lan katuntun dehing Gusti. Kita ingkang kawilujengaken mboten srana tumindak sae, ananging kawilujengaken kangge nindakaken kasaenan. Menika minangka panuwun sokur dhumateng Gusti, pangabekti kita dhumateng Gusti. Mila sumangga kita sangsaya mempeng anggen kita nindakaken kasaenan kagem ngluhuraken asmanipun Gusti lan minangka dados berkah kangge tiyang kathah. Gusti mitulungi, amin. (Pdt Suharto)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline