20 April 2026
Waosan : Pangentasan 16:13, 31
–
Setunggal wekdal kula dipun gegujeng kaliyan semah kula, rikala kula ngucap menawi kula sajegipun gesang nembe sepindhah punika dereng dangu ngraosaken tetedhan ingkang naminipun ‘puyunghay’. Puyunghay punika satunggaling tetedhan ingkang kadamel saking bahan dasar tigan saha tepung. Sasampunipun dipun ublak kaliyan bumbunipun lajeng dipun goreng. Sasampunipun punika dipun entas lajeng dipun ecuri kaliyan saos ingkang sampun dipun samektakaken. Raosipun kados dene martabak, namung isen-isenipun benten sinaosa sami-sami bahanipun tigan lan tepung.
Satunggal wekdal tiyang-tiyang Israel ingkang nembe wonten ing ara-ara samun kepengin sanget nedhi daging. Rikala taksih wonten ing Mesir, tetedhan daging punika saged dipun tedhi ing saben dintenipun. Gusti Allah midhangetaken panyuwunipun tiyang-tiyang Israel punika satemah dipun tedhakaken peksi puyuh ingkangsaged dipun mangsak dagingipun lan sami dipun tedhi. Tiyang Israel ugi nyuwun tetedhan sanesipun ingkang saged damel padharanipun wareg. Gusti ugi lajeng nedhakaken roti ingkang legem sanget ingkang dipun paringi nami roti manna. Tamtu kemawon roti manna punika langkung sedhep raosipun tinimbang puyunghay lan tetedhan sanesipun. (Pangentasan 16:13, 31)
Punapa ingkang dipun penginaken dening tiyang Israel, Gusti Allah minangkani ujer punika mujudaken satunggaling kabetahan. Ananging punapa undhuh-undhuhanipun? Tiyang Israel mboten sadaya sami sumuyud dhateng Gusti. Titikanipun, mboten sadaya kepareng lumebet ngantos ing tanah Kanaan.
Menawi satunggal wekdal kita mbetahaken samukawis, ujer punika satunggaling kabetahan kita, tamtu Gusti badhe minangkani. Namung kemawon, sasampunipun dipun pinangkani, kita kedah langkung sumuyud gesang kita dhumateng Gusti. (Pdt. Em. Suyito Basuki)
