WEKEL NYAMBUT DAMEL

WEKEL NYAMBUT DAMEL

28 April 2026
Waosan : Wulang Bebasan 26:13-16

Saben tiyang kepengin gesangipun kacekapan.  Saben tiyang sepuh inggih makaten pandonganipun dhateng Gusti tumrap lare-larenipun.  Sasanesipun kula lan semah ndongakaken menggah kawilujenganipun lare ing babagan karohanen, ing saben dintenipun paling mboten kaping kalih enjang lan dalu, inggih ndongakaken kados dene pandonganipun Rama Yabes: gesangipun mugi sami luber, dipun jembaraken pengaruhipun ingkang sae, kinanthi dening Gusti, saha sami dipun tebihaken saking bilai lan sakit penyakit. (cobi dipun priksani 1 Babad 4:10)

Mboten namung nggadhahi panyuwunan ing pandonga kemawon supados gesangipun manungsa kacekapan.  Ananging Kitab Suci paring dhawuh supados saben tiyang punika sami wekel utawi sregep ing panyambut damel.  Sampun ngantos kados dene tiyang kesed ingkang dipun cariyosaken ing Wulang Bebasan punika: tansah ajrih anggenipun badhe tumindak, klumbrak-klumbruk dhateng dipan paturon, wegahan.  Namung kemawon menawi wicantenan asring umuk kados-kados ngawonaken tiyang ingkang wicaksana.

Bab sadaya ingkang katindakaken dening tiyang kesed punika mboten sae.  Panci menawi taksih dados lare, gesangipun ndhompleng tiyang sepuhipun, bab gesang kesed punika patosa kraos.  Ananging ing tembe, rikala tiyang sepuhipun kekalih sampun katimbalan wangsul dhateng pangayunanipun Gusti, lare ingkang kesed punika badhe ngraosaken kapitunan ingkang ageng.  Pramila nalikanipun tiyang sepuh taksih meger-meger, lare-lare anem kedah nilaraken watak kesed punika, kagantosa watak ingkang wekel, sregep sinau, nyambut damel, sae punika ing griya utawi wonten ing papan panyambut damelipun.  Kanthi makaten gesangipun badhe kacekapan, malah kapara kaluberan.  Jumbuh kaliyan pandonganipun tiyang sepuh ingkang tansah nyenyuwun gesang binerkahan tumrah dhateng para larenipun(Pdt. Em. Suyito Basuki)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline