Minggu. 17 Mei
Roma 8:28
8:28 Kita tahu sekarang, bahwa Allah turut bekerja dalam segala sesuatu untuk mendatangkan kebaikan bagi mereka yang mengasihi Dia, yaitu bagi mereka yang terpanggil sesuai dengan rencana Allah.
Saben tiyang mesthi nggadhahi pengalaman gesang ingkang maneka warni punapa ingkang ngremenaken, endah, dumugi ingkang pait, getir lan nyakitaken. Kathah tiyang nalika dipunabenajengaken ing lelampahan gesang ingkang mboten nyekecakaken kadosdene; kasangsaran, gerah, krisis ing gesang lan sanesipun racakipun nggadhahi respon ingkang kirang sae kados ingkang njalari tiyang kecalan pangajeng-ajeng, ngresula, sambat lan ngrundel. Watak ingkang mekaten malah inggih punika dados pambengan kula lan penjenengan kagem mangertosi karsanipun Gusti ing gesang kula lan panjenengan. Kamangka asring Gusti ngagem prastawa-pratawa ingkang miturut kula lan panjenengan kalebet bab ingkang awon kalawau dados pirantos lan sarana kangge nyawisaken lan netepi rencana-ipun kagem kula lan panjengenan.
Waosan ing dinten menika nyatakaken menawi Gusti nderek nyambut damel ing sadengah kawontenan, ingkang gadhah artos sedaya kawontenan lan kahanan, kalebet bab-bab ingkang awon lan mboten nyekecakaken manah. Punika wigatos sanget tumrap kula panjenengan anggenipun Gusti makarya, amargi Panjenenganipun mboten nate njanjikaken menawi gesang tiyang pitados menika bebas saking masalah. Kula panjenengan kedah emut, gesang tanpa nglangkungi alun lan gelombang mboten badhe nate ngasilaken setunggaling tiyang nahkoda ingkang sae. Kepara lumantar masalah tansah wonten maksud lan rancanganipun Gusti ingkang endah, salah setunggalipun inggih menika kagem kula lan panjenegan samsaya rumaket kaliyan Gusti lan sinau pasrah sumarah, tansah gumantung kaliyan Gusti
