Sabtu Kliwon, 1 Agustus 2026
AJEN INGAJENAN LAN ANDHAP ASOR
Filipi 2:3-4
————————————————————————————————————————–
Ing pepaken unggah-ungguhing basa Jawi dipun-pratelakaken bilih tiyang sanes utawi tiyang ingkang langkung sepuh kedah dipunaosi, tinimbang dhiri pribadinipun piyambak. Tuladhanipun menawi kita nyebat tembung kriya kagem tiyang sanes kedah dipun-kramakaken, tinimbang dhiri priyangga kita piyambak: “Panjenengan tindak, kula kesah; bapak nembe dhahar, kula nembe nedha;” lan sapiturutipun. Pepaken ingkang mekaten nedahaken bilih ngaosi tiyang sanes langkung prayogi, tinimbang dhiri pribadinipun, lan punika langkung utami. Pratelan punika jumbuh kaliyan pangandikanipun Rasul Paulus mekaten: “Nanging kosokbaline kalawan andhap asor kang siji nganggepa marang sijine luwih utama tinimbang awake dhewe; lan saben wong aja mung mikir marang kabutuhane dhewe, nanging elinga uga marang kabutuhaning liyan.” (Filipi 2:3b-4).
Ing gesang minangka tiyang pitados, kita nebihaken wontenipun lampah kanthi motivasi mentingaken dhiri priyangga lan egoisme, nanging ugi nggatosaken kawontenan asanes. Kados punapa ingkang sampun dipunsarirani dening Gusti Yesus, rikala Panjenenganipun tumedhak ing jagad punika. Ing sadangunipun gesangipun namung kangge kabetahan lan kawilujenganipun tiyang kathah. Malah kepara bilih sedaya gesangipun kangge kawilujenganipun jagad, supados manungsa manggihaken karahayon. Langkung saking punika bilih gesang Panjenenganipun dipunparingaken dhumateng kawilujenganipun sadaya manungsa. Pramila ing salajengipun konsep gesang tiyang pitados punika paladosan, mangka tetalesipun paladosan linambaran kaliyan lampah andhap asor. Tanpa wontenipun lampah ingkang mekaten, tumapakipun paladosan boten saged lumampah kanthi sae lan prayogi.
Bab ingkang mekaten sanget prayogi lumampah ing gesanging pasrawungan langkung-langkung ing patunggilan Kristen. Ing pasrawungan kita boten saged ngasoraken tiyang sanes, punapa malih ing ngajengannipun tiyang kathah. Punika bab tata krami (etika) ingkang sampun dipunugemi dening meh saben tiyang. Minangka tiyang pitados kita sampun samesthinipun ngugemi paugeran ingkang dipuntetepaken Gusti Allah kanthi mangun gesang bebrayan ingkang rumaket ing pasedherekan. Kanthi lampah ajen-ingajenan lan ngaosi tiyang sanes, Gusti Yesus Kristus piyambak ingkang sampun paring patuladhan dhumateng kita lumantar pakaryan lan paladosanipun ing jagad punika. Ingkang ngrimati sadaya tiyang ing gesangipun.(IskandarMZ)
