Kamis Kliwon, 6Agustus 2026
GESANG RUMAKET DHUMATENG SABDANIPUN GUSTI (1)
Matius 5:21-37
————————————————————————————————————————–
Gesang rumaket dhumateng sabdanipun Gusti punika tegesipun gesang ingkang tansah sumandhing, cecaketan saha katuntun dening sabdanipun Gusti. Tembung sanes inggih punika ‘gesang ing salebetipun Gusti’. Punika jumbuh kaliyan pangandikanipun Gusti wonten ing Injil Yokanan. (Yok. 15:7)
Kados punapa wujud gesang rumaket dhumateng sabdanipun Gusti punika? Ing waosan punika kita sinau perangan-perangan gesang ingkang nedahaken gesang tiyang pitados ingkang rumaket kaliyan sabdanipun Gusti.
1. Gesang ingkang mboten nengenaken kanepson (21-22)
Gesang ingkang asring nepsu perlu ngatos-atos. Awit sabdanipun Gusti, tiyang nepsu punika sampun kapretang nerak angger-angger. Sampun saged dipun adili lan tundhonipun badhe nampi paukuman. Prekawis punika mboten wonten bentenipun kaliyan tiyang ingkang memateni, miturut pamawasipun Gusti.
2. Gesang tansah nindakaken pirukunan (23-25)
Gesang ingkang rukun punika saestu endah saha ndhatengaken berkat. (Maz. 133:1-3). Ing Matius 5:9 ugi dipun sebat, tiyang ingkang nindakaken pirukunan kasebat para putraning Allah. Gesang ingkang rukun ndadosaken pisungsung ingkang kita caosaken katampi dening Gusti. Menawi mboten rukun, awit kalepatan utang piutang, kita badhe kalapuraken saha kita tampi paukuman. (24-26)
3. Gesang mboten lampah jina (27-30)
Lampah jina inggih punika tumindak sedheng panci dipun awisi. Gusti Yesus mucal bilih tiyang jaler ningali dhateng pawestri sanes semahipun lan nggadhahi pepenginan tumindak kados dene dhateng semahipun, punika sampun winastan jina. Pramila kedah ngatos-atos menggah mripat utawi netra kita. Piwucalipun Gusti nandhes sanget, menawi mripat punika ingkang ndadosaken dosa, mripat punika kacungkila kemawon, ugi tumrap perangan badan kita sanes ingkang ndadosaken kita dosa. Trimah mlebet dhateng kraton swarga kanthi perangan badan ingkang mboten jangkep katimbang perangan badan jangkep ananging mlebet ing naraka. (Suyito Basuki).
