PRIHATIN MARANG BANGSAKU

PRIHATIN MARANG BANGSAKU

Rabu Wage, 5Agustus 2026

PRIHATIN MARANG BANGSAKU

Rum 9:1- 9

————————————————————————————————————————–

Negara Indonesia iku amba banget kabage ing pulau-pulau saka Sabang nganti tekan Marauke, lan cacahe warga masyarakat udakara 250 juta jiwa.  Kabeh penduduk sing asale saka maneka warna suku, adat, basa, golongan, agama, lan sumebar saka Sabang tekan Merauke. Negara Indonesia sampun madeg ing proklamasi kamardikan tanggal 17 Agustus 1945 iku dadi pasarujukan para leluhur kita. Sampun boten wonten maneh kapisah-pisah ing bates kraton, kasultanan, utawa adhedhasar suku lan panggonane dhewe-dhewe, nanging nunggil dadi siji bangsa lan negara: Negara Kesatuan Republik Indonesia.

Rasul Paulus nglairake rasa prihatin lan panelangsane marang bangsa Israel, bangsa sing nunggal daging lan getih karo dheweke. Ingkang sinerat kadosmekaten: “Saiba sedhining atiku lan ora kinira gedhéning prihatinku ing ngatasé bangsaku, bangsaku sing tunggal daging lan getih!” (Rum 9:2).  Ing jamane Rasul Paulus, bangsa Israel iya winates mung tedhak turune Rama Yakob, dene Rasul Paulus iku turunan saka Benjamin, anak ragil saka Rama Yakob. Panelangsane Rasul Paulus iku awit prajanjen saking Gusti Allah wiwit saking Rama Abraham, kang wus kapenuhan ing pakaryane Gusti Yesus Kristus malah ditampik dening bangsa Israel. Para imam, pinituwa, guru-guru Toret lan sabangsa Yahudi dhewe sing masrahke Gusti Yesus supaya seda sinalib ing pangadilane Gubernur Rum sing jenenge Pontius Pilatus.

            Bangsa Indonesia pracaya lan ngabekti marang Gusti. Dhasar negara Pancasila diwiwiti kanthi sila Ketuhanan Yang Maha Esa, Kamardikan Indonesia iku berkah lan rahmat saka Gusti. Pengetan kamardikan kaping 81 tahun ing 17 Agustus 2026 iki ngelingake kita, akeh cita-cita luhur, lan tujuwan adege negara Indonesia sing nganti saiki durung bisa kelakon lan maujud. Sumangga sesarengan kaliyan Rasul Paulus sing prihatin lan nelangsani bangsane ing ngarsane Gusti, kita uga nglairake panelangsa lan pamratobat kita, dene KKN (korupsi, kolusi, nepotisme) isih tetep durung bisa dibuwang lan diresiki saka tata urip bangsa kita.(Suharto)

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline