Jumat Legi, 7Agustus 2026
DADOS PATULADHAN
Titus 2:7
————————————————————————————————————————–
Ngulungaken satunggaling barang dhumateng tiyang sanes ngangge asta kiwa, menggahing budaya Wetan, mirungganipun pabrayan Jawi, dipunanggep boten sopan. Pramila ing kawontenan tinamtu, tiyang ingkang kapeksa ngulungaken barang ngangge asta kiwa, awit asta tengenipun nembe nyepeng barang, padhatan wicanten “Njaluk ngapura ya, nganggo tangan kiwa.” Dene ing kabudayan Kilen boten dados prekawis, awit tiyang Kilen nganggep bilih asta kekalih punika sami mawon. Saben bangsa nggadhahi pranatan kabudayan piyambak-piyambak, pramila kathah tiyang ingkang ngatos-atos menawi nembe mertamu utawi srawung kaliyan tiyang ingkang benten budayanipun.
Pakdhe Pdt. Malcolm Brownlee, panyerat buku lan dosen Etika ing UKDW Ngayogyakarta mratelakaken, bilih sopan santun ngrembag bab; jawat asta, pamit saderengipun kesah, lan atur panuwun, kangge ing kabudayan tinamtu. Dene etika nyinaoni bab wigatos lan universal kadosdene katresnan, kasetyan, kajujuran, pirukunan lan kaadilan, kangge sadaya tiyang, lintas budaya. Dados etika langkung tebih tebanipun. Kanthi mirunggan magepokan kaliyan piwucalipun Gusti Yesus Kristus minangka nilai-nilai Kristiani ingkang kedah dipun-ugemi dening saben tiyang pitados. Ingkang punjeripun saking katresnan Gusti Allah lan dhumateng sesami manungsa. Sedaya punika supados saged ndhatengaken katentreman lan kasaenan tumrap lumampahing sesambetan antawisipun satunggal tiyang lan sanesipun ing pasamuwan lan pabrayan agung. Pramila kita kakersakaken supados saged dados patuladhan ing sadhengah kawontenan pasrawungan.
Etika nggadhahi makna langkung rowa (kompleks), ingkang ngemu suraos prinsip piwucal Kristen, ingkang saged kita lampahi, boten namung ing pangucap, ananging nyatunggil ing tumindak saben tiyang pitados. Piwucal punika saged kita tampi lan kita ginakaken minangka lampah (sikap) gesang kita ing pasrawungan. Lampah ingkang mekaten saged dados patuladhan gesang minangka paseksi tumrap jagad, bilih kita punika abdinipun Sang Kristus. Pitungkasipun Rasul Paulus mekaten: “Lan kowe dhewe dadia tuladha ing bab nindakaken panggawe becik. Anggonmu memulang diklawan jujur sarta tumemen.” (Titus 2:7). Rikala kita memucal kanthi bares, jujur lan tumemen, langkung saking punika sageda dados patuladhan ing tumindak kasaenan. (Iskandar MZ).
