NGLANGKUNGI PANGAJENG-AJENG

NGLANGKUNGI PANGAJENG-AJENG

Minggu Kliwon, 16 Agustus 2026

NGLANGKUNGI PANGAJENG-AJENG

Pangandharing Toret 3:23-29

————————————————————————————————————————–

Kathah tiyang ingkang ngendika bilih piyambakipun punika ageng katresnanipun dhumateng Gusti. Ananging nalika piyambakipun dedonga nyuwun samukawis dhateng Gusti lan boten tumunten dipun kabulaken dening Gusti, tiyang wau kuciwa dhateng Gusti. Mesthinipun menawi pancen Gusti ingkang paling dipun tresnani kedahipun Gusti ingkang dipun tengenaken. Mesthinipun nengenaken Gusti ingkang paling utami, nglangkungi pangajeng-ajeng. 

Musa mujudaken gegambaran saking tiyang ingkang paling nresnani Gusti. Sasampunipun sawetawis wekdal matur kaliyan Gusti anggenipun badhe endha saking tanggel jawab mimpin bangsa Israel medal saking tanah pangawulan, wusananipun Musa nampi timbalan saha tanggel jawab peparingipun Gusti. Salajengipun Musa tindak ing ngajeng ngirit bangsa Israel tumuju ing tanah Kanaan, nglangkungi ara-ara samun. Lelampahan ingkang boten gampil awit bangsa Israel makaping-kaping nggrundel. Ing sawijining wekdal Musa jengkel awit panggrundelipun bangsa wau, Musa nilaraken dhawuhipun Gusti. Gusti dhawuh dumateng Musa bilih piyambakipun boten badhe lumebet ing tanah Kanaan. (Wilangan 20:2-13). Musa nate nyuwun kamirahan kanthi pangajeng-ajeng saget ningali tanah prajanjian ingkang dipun ngendikakaken mirah susu lan madu. Wangsulanipun Gusti:  “Cukup! Aja nganti ngrembug bab kuwi marang Aku” ingkang tegesipun pangajeng-ajengipun boten badhe kawujud. Kacariyosaken sasampunipun punika Musa tetep nindakaken tanggeljawabipun kanthi sae, Musa mucal bangsa Israel supados tetepsetya tuhu dhumateng dhawuhipun Gusti, ugi nyawisaken Yosua supados ing tembe minangka gantosipun Musa. Musa boten kuciwa lan boten gela awit piyambakipun nresnani Gusti nglangkungi pangajeng-ajengipun.

Dhawuh pangandika ing wekdal punika bereg kita, supados sesarengan ningali dhiri pribadi kita piyambak-piyambak. Estunipun ingkang paling kita tresnani punika Gusti, sanesutawi berkah peparingipun Gusti? Menawi pangucap kita punika tulus lair lan batin, kedahipun kita wantun buktekaken. Menawi kita ngucap: “Aku paling tresna marang Gusti” mangga kita buktekaken tetep bingah asukarena nadyan wekdal punika panyuwunan kita dereng saget dipun jawab dening Gusti, kanthe tetep nggadahi pangajeng-ajeng, Amin.(Nunia Widowinarti).

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline