KAMARDIKANING TIYANG KRISTEN

KAMARDIKANING TIYANG KRISTEN

Senin Legi, 17 Agustus 2026

KAMARDIKANING TIYANG KRISTEN

Galati 5:1

————————————————————————————————————————–

Suku-suku bangsa ing Nuswantara ingkang samangke dados bangsa Indonesia, sampun mataun-taun kajajah dening bangsa manca. Gesangipun bangsa kaereh dening panjajah, wulu wetunipun bumi dados rayahan panjajah, gesang boten bebas, kesrakat lan sengsara. Tumunten kathah pambudidaya para tokoh bangsa ingkang kepingin uwal saking cengkeremanipun panjajahan. Tumunten gesang minangka bangsa ingkang mardika lan mranata negari sarta nemtokaken nasibipun piyambak. Anggenipun nggayuh kamardikan punika kanthi kurban ngantos dipun-tohi nyawa, bandha lan waspa ingkang nelesi bumi pertiwi. Kathah pawestri kecalan guru lakinipun (suami), tiyang sepuh kecalan lare mudha tumarunanipun, lan sapiturutipun. Mangka rumiyin bangsa-bangsa Nuswantara sampun nggadhahi martabat, tumata ing pabrayan agung lan nggadhahi peradaban ingkang adi luhung. Sadaya ical awit dipun-jegi dening panjajahan.

            Kaserat ing Kitab Suci, mula-bukanipun manungsa nggadhahi kaluhuran minangka titah citraning Gusti Allah, titah ingkang pinunjul awit kasinungan kamulyaning Gusti Allah. Kamulyan ingkang mekaten kalawau sakala lebur lan oncat saking gesanging manungsa, awit manungsa dhumawah ing dosa. Tumunten manungsa mbudidaya supados saged manggihaken malih kamulyan sakawit, ananging manungsa boten kuwawi manggihaken. Pramila Gusti Allah ing Gusti Yesus kagungan karsa tumedhak dhateng jagad saprelu mitulungi manungsa, lan wangsul pikantuk kamulyan tuwin gesang langgeng. Kanthi pitados dhumateng Gusti Yesus manungsa saged uwal saking bebenduning dosa lan pikantuk kamardikaning gesang ingkang sejatos. “Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikaake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.” (Galati 5:1).

            Dene mardikaning tiyang Kristen punika mardika saking pangawulan dosa. Tiyang pitados boten malih gesang ing dosa lan sampun uwal babar pisan saking pandamel dosa. Boten namung ing pandamel, senaosa namung ing pikiran dosa mawon kita boten dipunkeparengaken. Awit kita sampun dados kagunganipun Sang Kristus ingkang tegesipun sampun boten malih kapasangan pangawulan dosa. Samangke kita gesang ing salebeting katresnan lan sih-rahmat, ingkang ndhatengaken kawilujengan tumrap kita sadaya. Gesang mardika gesang ing pangrehipun Sang Kristus.(Iskandar MZ).

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline