GESANG RUMAKET DHUMATENG SABDANIPUN GUSTI (2)

GESANG RUMAKET DHUMATENG SABDANIPUN GUSTI (2)

Rabu Legi, 12Agustus 2026

GESANG RUMAKET DHUMATENG SABDANIPUN GUSTI (2)

Matius 5:31-37

————————————————————————————————————————–

Gesang rumaket dhumateng sabdanipun Gusti punika tegesipun gesang ingkang tansah sumandhing, cecaketan saha katuntun dening sabdanipun Gusti.  Tembung sanes inggih punika ‘gesang ing salebetipun Gusti’.  Punika jumbuh kaliyan pangandikanipun Gusti wonten ing Injil Yokanan. (Yoh. 15:7)

Kados punapa wujud gesang rumaket dhumateng sabdanipun Gusti punika?  Ing waosan punika kita sinau perangan-perangan gesang ingkang nedahaken gesang tiyang pitados ingkang rumaket kaliyan sabdanipun Gusti.

4. Gesang mboten pegatan (31-32)

Tiyang sesemahan punika mboten pikantuk pegatan.  Punapa ingkang sampun katunggilaken dening Gusti, mboten pikantuk kapisahaken dening manungsa.  Kejawi wonten pasangan ingkang lampah jina.  Punika kemawon, ingkang kapisah, mboten pikantuk neningkahan malih, awit menawi nikah malih, punika winastan tumindak jina.  Ingkang prayogi, tansah njagi rumah tangga, menawi wonten masalah enggal dipun rampungaken kanthi prayogi.

5. Gesang mboten sumpah, tumindak jujur (33-37)

Asring manungsa mboten jujur.  Pemanggih umum ingkang lepat: jujur malah ajur.  Pramila kadhang nindakaken sumpah ingkang kedahipun mawi dhasar kejujuran, inggih dereng tamtu jujur saestu.  Bab punika saged dipun tingali wonten ing pangadilan.  Pramila sinaosa sumpah, ingkang dipun pratelakaken bab ingkang cidra, pramila inggih lajeng mboten damel prekawis rampung kanthi saestu.  Ingkang kedadosan, tiyang ingkang jujur, leres malah lajeng dipun putus lepat lan nampi pakunjaran.  Punika ingkang nama mboten adil.  Gusti mucal supados kita jujur, ngendikan kanthi dhasar punapa nyatanipun. Menawi ‘iya’ inggih kapratelakna ‘iya’ menawi ‘mboten’ inggih kaucapaken ‘mboten’.

Kita asring ngendikan bilih gesang kita tansah rumaket kaliyan sabdanipun Gusti.  Pitakenanipun: 1. Punapa gesang kita taksih nengenaken kanepson (21-22), 2. Punapa gesang kita tansah nindakaken pirukunan (23-25), 3. Punapa gesang kita mboten lampah jina (27-30), 4. Punapa gesang kita mboten pegatan (31-32), saha 5. Punapa gesang kita mboten sumpah, kosokwangsulipun tansah tumindak jujur (33-37).(Suyito Basuki).

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline