Rabu Kliwon, 26 Agustus 2026
NAMUNG ULER LAN CACING KEMAWON
Yesaya 41:14
————————————————————————————————————————–
Nate nggatosaken kewan alit ingkang kita sebat ‘uler’ lan ‘cacing’? Punika kewan alit ingkang gampil kemawon anggen kita pejahi. Menawi dipun pidak kewan kalih punika badhe mecedhel pejah. Namung nggih ampun deksiya dhateng kewan ingkang ringkih kados makaten, awit Gusti Allah nitahaken kewan ingkang jinis makaten tamtu nggadhahi maksud lan tujuan tartamtu. Menawi wonten uler mlebet griya kadhang kula cepeng utawi kula singkiraken, kula bucal dhateng petamanan griya. Awit kula mangertos bilih uler ingkang sinaosa nggilani tumrap semah kula, uler punika sasampunipun nglampahi proses metamorfosa badhe dados kupu ingkang nengsemaken ingkang sami nyawang. Kewan cacing ingkang alit lan ringkih punika ugi nggadhahi mupangat inggih punika saged nggemburaken siti ing pasabinan.
Gusti Allah nyebat tiyang Israel punika pinangka ‘uler’ lan ‘cacing’, punapa werdinipun? Sayektosipun Gusti Allah badhe mratelakaken bilih tiyang Israel, Yehuda lan ugi kita tiyang pitados ing samangke punika mboten wonten bentenipun kaliyan kewan kekalih punika ing babagan karingkihan lan kasekengan. Tiyang Israel lan Yehuda ing jamanipun Nabi Yesaya punika ngedab-edabi anggenipun sami gumunggung lan kumalungkung. Ngantos sami nyupekaken dhateng Gusti Allah lan manembah dhateng patung-patung kados dene bangsa-bangsa manca ing sakiwa tengenipun. Pramila Gusti Allah lajeng duka lan masrahaken bangsa punika dhateng pangawulanipun tiyang-tiyang Kasdim utawi Asyur dangunipun udakawis 75 taun. Rikala katawan punika, bangsa Israel lan Yehuda mboten nggadhahi daya kakiyatan punapa-punapa, mboten wonten bentenipun kaliyan ‘uler’ lan ‘cacing’ punika.
Gusti Allah tresna dhateng tiyang Israel lan Yehuda, ugi dhateng kita samangke tiyang pracaya. Gusti karsa paring pangentasan saha pangluwaran. Pramila Gusti dhawuh,”Senajan kowé kuwi cilik lan apes, Israèl, nanging aja wedi; Aku bakal mitulungi kowé. Aku iki Allahé Israèl Kang Mahasuci. Aku sing bakal ngluwari kowé.” Alkitab terjemahan basa Jawi Padintenan paring terjemahan ‘cilik’ lan ‘apes’ kangge nggambaraken tiyang Israel lan Yehuda lan tamtunipun inggih kita para tiyang pracaya samangke!
Rikala kita kapitulungan dening Gusti saking paukuman dosa kita, mendah bingah manah kita. Awit mboten benten kados dene kewan ‘uler’ lan ‘cacing’ ingkang ringkih lan sekeng gesang kita. Ananging sih-katresnanipun Gusti punika sampun nyata ing pangurbananipun Sang Kristus ingkang ngrembat dosa kita ing kajeng salib ing ardi Golgota. Pramila sumangga sampun ngantos gesang katindakaken kanthi mblasar, gumunggung lan kumenthus, awit tanpa pitulunganipun Gusti, kita punika, ringkih, sekeng lan mboten nggadhahi daya kakiyatan punapa-punapa. (Suyito Basuki).
