Sabtu Legi, 22Agustus 2026
TULADHA SING APIK
Ibrani 11:1-7
————————————————————————————————————————–
Urip ing nagara demokrasi tegese urip ing sistem ing ngendi kabeh warga negara duwe hak lan kalodhangan sing padha kanggo melu mutusake keputusan politik utawa urusan pamrentahan. Contone milih ing Pemilihan Umum (Pemilu) sing penting ora ngajak golput, saben warga bisa bebas ngetokake unek-unek ing masyarakat utawa ing media sosial, bisa ngawasi lan ngritik kinerja pemerintah dibuktekake nganggo data sing bener aja nyebar hoaks. Urip bebarengan sabangsa, rakyat bisa uga pracaya marang pemimpin sing dadi pilihane. Nalika ana sing nyacad marang pemimpin, wong sing milih bakal mbelani. Kabeh sing nyaruwe pemimpine dianggep mungsuh, sing mung golek-golek kekurangan lan kaluputane. Iku jenenge precaya sing wuta, amarga ora kinanthenan panitipriksa lan pamawas sing nalar. Ing wektu kepungkur kelakon pilihan sing sadurunge merakyat, seneng blusukan, uripe prasaja lan ora neka-neka, jebul nalika setahun sadurunge rampung saka kalungguhane malah wani ninggalke partai politik sing ngusung amarga ora gelem nyarujuki anake sing durung cukup umur maju ing pemilihan presiden lan wakil.
Serat Ibrani bab 11 nyatet lan njlentrehake para leluhur sing dadi tuladha pracaya marang Gusti Allah. Gusti Allah iku ora bisa katon dening mripat, nanging wong sing precaya yakin ing pengarep-arep sing ana ing patunggilane Gusti. Jumbuh ing ayat iki “Ora ana wong sing bisa gawé renaning penggalihé Allah tanpa precaya. Sing sapa sowan ana ing ngarsané Allah kudu precaya yèn Gusti Allah kuwi ana, lan maringi ganjaran marang kang padha nggolèki Panjenengané” (Ibrani 11:6). Wong pracaya ngamini pakaryane Gusti nitahake langit lan bumi. Pracaya dadi dalan bisa gawe renaning penggalihe Allah, srana ngestokake dhawuhe Gusti, nglakoni, lan dibenerake ing ngarsane Gusti Allah. Sokur dene pracaya marang Gusti Allah iku ora bakal cidra. Gusti Allah iku setya tuhu, tansah netepi prasetyane marang umat sing precaya.
Pracaya marang Gusti iku dudu jaminan urip sing ayem tentrem tanpa alangan lan rubeda. Nanging kahanan sing abot iku malah sangsaya ndadar kapracayan kita, sangsaya sumarah lan pasrah marang kwasane Gusti, lan ora ngandelake kakuwatane dhewe. Menawa pracaya marang manungsa bisa diapusi, wong sing precaya marang Gusti bakal dibenerake amarga pracayane. Gusti ora bakal cidra marang prasetyane. (Suharto).
