RAHAYU WONG KANG KAAPURA DOSANE

RAHAYU WONG KANG KAAPURA DOSANE

Jumat Kliwon, 21Agustus 2026

RAHAYU WONG KANG KAAPURA DOSANE

Jabur 32:1-11

————————————————————————————————————————–

Kula gadhah rencang ingkang karemanipun nedha. Rencang punika nedhanipun kathah, kerep, tur nggih kedah enak. Satunggal wekdal, nalika reuni, rencang-rencang satunggal kelas ngumpul, wonten ingkang sanjang kalayan rencang kalawau, mekaten: “Wis saya tuwa. Nek mangan aja angger digas,Bro. Bahaya! Numpuk penyakit!” Rencang kalawau mangsuli, mekaten: “Heleh! Nggatekna leh.” Kinten-kinten sekawan tahunan saking prastawa reuni, kula pinanggih kalayan rencang ingkang karem nedha kalawau. Kula kaget awit badanipun kuru lan ketingal ringkih. Pranyata piyambakipun nandhang sakit amargi anggenipun dhemen nedha ingkang boten dipun kendhaleni.

            Sakperangan tiyang dereng saged ngaosi pangapuntening dosa peparingipun Allah. Punapa sababipun?  Jalaran boten migatosaken pituwasipun dosa ingkang sampun lan badhe katampi. Ananging menawi tiyang saged ngraosaken rekaosipun nampi pituwasipun dosa, mesthi gadhah patrap ingkang benten. Kados paseksinipun Sang Prabu Dhawud ing Jabur 32:1-2, “Rahayu wong kang kaapura dosane lan ora kaetang durakane dening Pangeran Yehuwah.” Sang Prabu Dhawud pribadi ingkang kebak ing pengalaman, nyrambahi ingkang sae lan awon. Pengalaman awon salah satunggalipun nalika nindakaken dosa. Nalika nindakaken dosa, Prabu Dhawud ngraosaken “banget boten sekeca.” Dosa ingkang katindakaken mahanani kapitunan, nyrambahi: manah lan pikiran (boten tentrem, stress), kajasmanen (sakit penyakit), ugi nebihaken kabegjan awit bebendunipun Gusti (punapa ingkang katindakaken gagal). Sang Prabu Dhawud nyeksekaken bilih nalika dosa kaapura, asilipun rahayu, wujudipun: ayem tentrem, sehat,  lan kasil sadaya kang katindakaken.

            Dosa punika wonten pituwasipun, inggih punika paukuman, wujudipun: paukuman langgeng, sakit penyakit, boten ngraosaken ayem, nyambut damel gagal, ugi bubrahing tatanan pagesangan. Pramila rahayu tiyang ingkang ingapura dosanipun lan saged uwal saking pangwaosing dosa. Tiyang ingkang kaapura dosanipun badhe katata gesangipun dening Gusti matemah prayogi. Cak-cakan padintenan limbangan dinten punika, kados ta : nglenggana lan njaluk ngapura dhateng Gusti tumrap satunggal dosa ingkang kita lampahi. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Abednego Utomo Prasetyo).

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline