Senin Pon, 24Agustus 2026.
MANGSA ADI YUSWA
Jabur 92:13-16
————————————————————————————————————————–
Wonten pitedah saking para winasis ing babagan kajiwan (psikologi) lan kasarasan tumrap para sadherek adi yuswa mekaten: Nglampahi gesang sehat kanthi tetep olah raga, samadya lan njagi dhaharan; Ngawontenaken aktivitas kanthi nekuni kekareman: nenanem, ingah-ingah ternak, main musik, utawi nyerat; mangun sesambetan ingkang sae ing pasrawungan; tetep mandhireng pribadi, boten tansah gumantung kaliyan tiyang sanes. Padhatan ingkang sae punika ndadosaken para sadherek adiyuswa saged nglampahi gesang kanthi sehat, suka bingah lan tasih migunani, mirungganipun migunani tumrap dhiri pribadinipun piyambak. Punapa malih wonten sadherek adi yuswa ingkang tasih sumadya ing paladosan pakaryanipun Gusti Allah, upaminipun ndherek koor, ngiringi musik, lan paladosan sanesipun.
Panganggit Jabur Masmur paring pitedah mekaten: “Sanadyan wus tuwa isih padha metu wohe, padha dadi lemu lan seger.” (Jabur 92:15). Senaosa sampun yuswa sepuh ananging tasih saged ngedalaken woh. Tasih nggadhahi kasantosan kangge ngisi pagesanganipun ingkang murakabi. Saboten-botenipun saged nyekapi kabetahanipun piyambak lan boten tansah gumantung kaliyan tiyang sanes. Bab ingkang mekaten saged kalampahan menawi badan sehat. Pramila para adi yuswa saged mbudidaya supados badanipun tetep bagas kasarasan. Tumrap tiyang pitados, senaosa sampun ndungkap ing yuswa sepuh, tasih saged nggadhahi semangat ngladosi lan memuji Pangeran minangka atur panuwun lan caos sokur. Bilih Panjenenganipun ingkang tansah paring kekiyatan lan gesang sarta tentrem rahayu.
Gusti Allah badhe tansah ngagem kita ingkang setya, sadangunipun tangan tasih kuwawi kumlawe, suku tasih saged jumangkah, tutuk tasih saged wicanten. Panjenenganipun badhe ngagem kita ing pakaryanipun, ingkang saged ndhatengaken kasaenan tumrap tiyang kathah. Ing pasamuwan lan pabrayan tasih wonten nem-neman ingkang kedah dipun-tuntun, tasih wonten jiwa ingkang prelu kakiyataken lan tasih wonten paladosan diakonia lan paseksi dipunlampahi. Kita dipun-kersakaken dening Gusti Allah gesang ingkang saged ngedalaken woh ingkang murakabi ing pakaryanipun Gusti Allah ing jagad punika. Saben tiyang pitados nggadhahi timbalan gesang lan ngedalaken woh ingkang migunani tumrap pakaryanipun Gusti Allah.(Iskandar MZ).
