Kamis Legi, 27 Agustus 2026
PITULUNGAN SAKING NGALUHUR
Yokanan 1:1-18
————————————————————————————————————————–
Kadangkawis kula mrangguli wonten kutu-kutu antaga, kewan iber-iber sabangsa tawon ingkang kajebak ing kaca jendhela. Kewan wau mbudidaya sakiyatipun mabur supados saged uwal saking sengkeran kaca. Nanging pambudidayanipun cabar tanpa dadi, awit kewan alit punika boten mengertos bilih wonten kaca ingkang nyengker, satemah kanthi usaha punapa kemawon boten badhe kasembadan uwal saking sengkeran kaca. Sangsaya rosa ngedalaken tenaga tetep boten saged uwal, menawi boten dipuntulungi. Padhatan kula lajeng mendet satunggaling wilah kangge nggiring kewan wau medal saking sengkeran kaca. Radi angel awit kewan wau boten purun nuruti obahing wilah, ingkang nggiring dhateng alam bebas. Kula nate ngangge tangan wantah malah dipun-entup. Kewan wau boten mangetos, bilih woten tangan manungsa ingkang badhe mbiyantu nguwalaken saking bebaya punika.
Tumedhakipun Sang Sabda ingkang manjalma dados manungsa ing jagad punika saperlu paring pitulungan dhumateng manungsa supados uwal saking bebendhuning dosa. Awit manungsa boten badhe kuwawi mitulungi dhiri pribadinipun piyambak tanpa wonten pitulungan saking ngaluhur. Ewasemanten jagad nampik rawuhipun, mangka Panjenenganipun badhe mardikakaken manungsa saking pepejah langgeng. Pangandikanipun Kitab Suci mekaten: “Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani.” (Yokanan 1:11). Sadaya punika awit saking katresnanipun Gusti Allah, dene ingkang ngugemi Panjenenganipun badhe kapitulungan rahayu.
Tiyang-tiyang ingkang sampun nampi, sumuyud lan manjing pitados dhumateng Panjenenganipun kapitulungan rahayu. Sampun nilar babar pisan lan uwal saking gesang ing pangawulan dosa, tumunten lumebet ing gesang sih-rahmat. Gesang minangka tiyang-tiyang mardika ingkang boten kaereh ing hawa nepsu lan dosa. Sampun dados tiyang-tiyang ingkang gesangipun kaereh dening Sang Roh Suci, lan ngrasuk gesang enggal. Tumunten lumebet ing gesang kasucen ingkang mbabar ing salebeting pambangun turut, setya ing kayekten. Dene gesang padintenan nedahaken sumuyudipun lan sumadya madha rupi kaliyan Sang Kristus, miwah nresnani dhumateng sesami manungsa. Awit saking gesang ingkang mekaten, kaajab jagad badhe manggihaken tentrem rahayu, wiwit saking pribadi-pribadi, gesanging kulawarga, dalah gesang pabrayan agung (masyarakat).(Iskandar MZ)
