Jumat Kliwon, 28 Agustus 2026
NGGATOSAKEN PIWUCALING GUSTI
Lukas 10: 38-42
————————————————————————————————————————–
Rikala kula khotbah, kula pitaken kaliyan salah satunggaling jemaat ngenani satunggal bab. Jemaat ingkang taksih kuliah ing jurusan ilmu gizi punika sajakipun kirang migatosaken pitakenan kula. Piyambakipun mboten saged mangsuli punapa ingkang kula tangletaken. Sarampungipun pangibadah lajeng kula tanglet dhateng piyambakipun. “Kaya kurang konsentrasi ya mau rikala ngrungokake babaring Sabdane Gusti?” Piyambakipun lajeng wangsulan,”Nggih pak, kula nembe mikiraken ayam kula.” Lho ngibadah kok mikirake ayam? Lire kepriye? Piyambakipun criyos bilih ing laboratorium fakultas piyambakipun tinanggenah ngopeni ayam kangge ‘kelinci percobaan’. Wiwit ayam punika wujud kuthuk ngantos samangke piyambakipun ingkang ngopeni kanthi paring pakan lan omben-omben ingkang dipun kathahi gendhisipun. Ayam ingkang inumanipun kathah kandhungan gendhis punika lajeng dhokoh anggenipun nedhi lan enggal ageng. Namung emanipun saderengipun piyambakipun bidhal dhateng greja, rikala paring pakan, ayam kala wau kejiret kaliyan ‘name tag’ ingkang dipun talekaken ing sikil ayam, awit lemunipun ayam kalebet pupunipun. Lare mahasiswa punika wau mikir ngantos dumugi samanten satemah mboten konsentrasi anggenipun ndherek ngibadah saha migatosaken Sabdanipun Gusti.
Rikala Gusti Yesus rawuh ing griyanipun Marta lan Maria, Gusti Yesus paring piwucal dhateng Maria lan Marta lan para murid. Ingkang kedadosan, Maria kanthi njinggleng midhangetaken punapa ingkang dados piwucalipun Gusti, (39) ananging Marta kosokwangsulipun, ribet kemawon anggenipun leladi ing bab tetedhan lan sanes-sanesipun dhateng ingkang sami rawuh, pramila tansah riwa-riwi mboten migatosaken Sabdanipun Gusti. Gusti ngendika dhateng Marta,” Gusti Yésus ngandika: “Marta, Marta! Kowé kuwi répot mikiraké barang sepirang-pirang. Mangka sing prelu kuwi mung siji! Déné Maryam iki wis milih prekara sing becik dhéwé, sing ora bakal kapundhut saka dhèwèké!” (41-42)
Rikala kita mirengaken piwucal saking Gusti ingkang dipun babar dening para abdinipun, kados pundi anggen kita nampi? Punapa kados Maria ingkang kanthi saestu mirengaken lan nyingkur samukawis ingkang saged damel gangguan anggenipun sinau Sabdanipun Gusti? Utawi kados dene Marta ingkang sibuk piyambak satemah mboten prioritas anggenipun mirengaken Sabdanipun Gusti? (Suyito Basuki).
