Senin Kliwon, 31Agustus 2026
REAL FRIENDS OR JUST FOLLOWERS?
Wulang Bebasan 17:17
————————————————————————————————————————–
Real friends punika tegesipun mitra kang sejati utawi sakhabat kang sejati. Just follower punika tegesipun tiyang ingkang anut-anut. Kekalih tembung punika asring dipun ginakaken dening generasi anem samange ingkang kasebat Gen-Z.
Kitab Wulang Bebasan 17:17 mratelakaken,” Mitra, selawasé ngétokaké katresnané, lan ing mangsa karibedan ngétokaké pasedulurané.” Saking waosan punika, satunggaling piwucal ingkang saged dipun sinaoni inggih punika bilih ingkang dipun wastani mitra utawi sakabat punika kedah ngetingalaken katresnan ing mangsa punapa kemawon, langkung-langkung ing mangsa karibedan. Lan ing mangsa karibedan punika malah-malah kedah sangsaya ngetingalaken katresnanipun kados dene sadherek tunggal kulawarga. Ananging punapa kados makaten kasunyatanipun? Tetembungan ‘ada uang abang disayang, tidak ada uang abang ditendang’, punika sayektosipun mboten nggambaraken kulawarga utawi tiyang ingkang pacaran kemawon, ananging saged nggambaraken kawontenan hubungan kemayarakatan ing samangke. Jamanipun nembe jaya, artanipun mberah utawi kathah, kathah rencang, sadherek ingkang nyaket. Pamrihipun supados sami kalepetan ing kamulyan. Ananging rikalanipun usahanipun jatuh utawi ambruk, sampun mboten gadhah punapa-punapa, tiyang-tiyang ingkang suwau raket lajeng sami ngedohi. Ing alkitab sampun wonten conto inggih menika menggah gesangipun Ayub. Rikala Ayub gesang mulya, dipun subya-subya. Ananging rikala Ayub nandhang sangsara, tiyang-tiyang sami ngedohi, malah semahipun piyambak inggih lajeng nyupatani. (Ayub 2:9)
Ananging menawi gesang kita punika supados saged dados conto patuladhan dhateng tiyang-tiyang ing sakiwa tengen kita, gesang kita mboten namung dados tiyang ingkang namung onat-anut tiyangsanes kemawon utawi mawi tetembungan jaman samangke dados ‘follower’ kemawon. Ananging kedahipun saged dados ‘real friend’ inggih punika mitra sejati tumrap rencang kita mirungganipun sadharek ing patunggilan. Inggih punika ingkang saestu-estu ngetingalaken raos simpati lan empati rikalanipun sadherek kita punika nandhang kasisahan. Sampun malam ngedohi rikalanipun sadherek punika ngraosaken kahanan ingkang awrat, awit inggih makaten punika sayektosipun dados rencang utawi mitra ingkang sejati. Gusti Yesus sampun paring tuladha kanthi ngurbanaken dhiri, sinalib seda nebus dosa kalepatanipun para mitra, sakabat, malah dhateng tiyang ingkang memengsahi Panjenenganipun! (Suyito Basuki).
