Minggu Wage, 30 Agustus 2026
NGRIMATI PEPANTHANIPUN GUSTI
Yokanan 21:15
————————————————————————————————————————–
Satunggal wekdal, tetanggi ingkang taksih sadherek kaliyan semah, ngintun irisan woh waluh. Ngandikanipun dhateng semah kula,”Iki waluh saka kebon, tak bagi-bagi, njenengan tak aturi sithik, ben wrata. Kana-kana ya tak aturi,” makaten tembungipun. Kula mangertos ingkang dipun maksudaken waluh kebon punika. Dados ing sisih griya kula wonten kebon ingkang dipun jaraken sawetawis wekdal ingkang mboten dipun tanduri punapa-punapa. Kebonan ingkang taksih kagunganipun salah satunggaling sadherek saking semah punika badhe dipun tumbas tiyang ananging mboten siyos awit ingkang badhe tumbas punika tilar donya. Kebonan dados jembrung. Ananging wonten thukulan taneman waluh ingkang dados taneman ingkang ageng saha ngrembaka. Waluh punika mboten kanyana-nyana ngedalaken uwoh ingkang lajeng saged dipun undhuh saha dipun bage-bage lan dipun kintun dhateng para sadherek lan tangga tepalih, sinaosa namung sakedhik-sakedhik. Samangke kebonan punika dipun resiki mbok menawi nggadhahi pangangkah, mangke menawi sampun ungsumipun jawah badhe dipun tanemi waluh utawi taneman punapa malih makaten. Kula ing batos nggadhahi manah ingkang kados makaten,”Lha ya, kebonan jembrung wae isih bisa ngasilake woh nadyan winates, apa maneh yen wis diresiki, ditanduri lan diopeni, mendah kebonan iku bakal akeh ngasilake.”
Gusti Yesus nate miterang bab katresnanipun Petrus lan dhawuh supados Petrus ngengon cempe-cempe ingkang dados pepanthanipun Gusti. Pangandikanipun Gusti makaten,”Simon, anaké Yohanes, apa katresnanmu marang Aku ngungkuli katresnanmu marang wong-wong iki?” Wangsulané Pétrus: “Inggih Gusti, Gusti pirsa kawula tresna dhateng Panjenengan.” Pangandikané Gusti Yésus: “Cempé-cempé-Ku padha engonen!” (Yokanan 21:15) Tembung ‘engonen’ punika menawi ing saweneh terjemahan alkitab basa Inggris katelah mawi tembung ‘feed’ ingkang tegesipun ‘wenehana pangan’. Alkitab terjemahan Bahasa Indonesia Sehari-hari mratelakaken ‘peliharalah’. Ing basa Yunani nedahaken tembung ‘bosko’ ingkang mawi teges paring tetedhan ingkang nggambaraken tugasipun guru Kristen mbiwarakaken karaharjan karohanen warganing pasamuwan ing sadaya samukawis. Elok sanget!
Pitakenanipun, punapa para guru Kristen samangke lan ugi tamtunipun para pangoning pasamuwan pepanthanipun Gusti estu-estu nindakaken pakaryan punika kanthi kawicaksananipun Gusti utawi kosokwangsulipun anggenipun nindakaken pakaryan punika namung angger utawi ‘asal-asalan’ kemawon, namung ngleksanani tugas-tugas kegerejaan kemawon? Mendah pasamuwan pepanthanipun Gusti badhe ngasilaken woh ingkang mbiyet tur mbingahaken menawi kapindhakna kebonan ingkang dipun tanemi waluh upaminipun lan dipun rimat kanthi prayogi. (Suyito Basuki).
