Senen, 5 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yehezkiel 19:10-14 ; Jabur 144; 1 Petrus 2:4-10
PINILIH
“Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi,supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane …” (1 Petrus 2: 9a)
Punapa ingkang wonten ing panggalih panjenengan nalika mireng tembung “pinilih”? Tiyang ingkang sampun pinilih punika padhatanipun unggul. Tiyang ingkang sampun pinilih kangge nindakaken satunggaling tanggel jawab punika kawawas saged ngayahi punapa ingkang dados kuwajibanipun. Semanten ugi, tiyang ingkang sampun pinilih punika mesthi dipun gadang-gadang saged nindakaken ayahanipun kanthi sae. Wondene menawi kasunyatanipun boten saged nindakaken tanggel jawabipun kanthi sae, punapa ingkang badhe kalampahan? Temtu kathah tiyang rumaos cuwa lan sami nglepataken keladukipun boten pitados malih kaliyan tiyang punika.
Waosan 1 Petrus 2: 4-10 ngemutaken kita bilih saben tiyang pitados punika mujudaken umat pilihan. Kita pinilih supados kita saged martosaken kawontenan brayat Kratoning Allah ingkang suci lan kagunganipun Gusti Allah pribadi. Saben tiyang pitados katimbalan supados madeg minangka tiyang-tiyang ingkang pinilih, ingkang wanuh saestu kaliyan Injil Kratoning Allah, lan saged martosaken bab punika dhateng jagad. Kita ingkang pinilih punika boten amargi kakiyatan kita, ananging amargi punika tanggel jawab kita minangka para pendherekipun Gusti ingkang setya tuhu.
Kadospundi menawi kita lajeng nglirwakaken tanggel jawab punika? Temtu kathah tiyang ingkang boten siyos ngraosaken endahipun dados warganing Kratoning Allah. Kathah tiyang boten sami pitados bilih kita saestu tiyang ingkang mituhu dhateng Gusti. Mila, minangka umat pilihan, sumangga kita ngetingalaken dhiri minangka para pendherekipun Gusti. Sampun ngantos malah nglirwakaken tanggel jawab kita ing satengahing jagad. | WAS
