KAPITUNAN ING GESANG LAMI

KAPITUNAN ING GESANG LAMI

Ahad, 4 Oktober 2026 Minggu Limrah (HPKD-HPII)

Yesaya 5:1-7; Jabur 80:7-15; Filipi 3:4b-14; Mateus 21:33-46

KAPITUNAN ING GESANG LAMI

“Nanging apa kang biyen dadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggep kapitunan marga saka Sang Kristus”(Filipi 3:7)

————————————————————————————————————————–

Nalika taksih enem, limrahipun tiyang kepengin moncer. Menawi saged, gadhah kanca ingkang kathah. Kita ugi kepengin saged ketingal “wah” utawi langkungunggul saking sanesipun, kanthi ngetutaken trend utawi kebiasaan ingkang nembe viral/rame ing satengahing pasrawungan. Wonten tetembungan Fear of Missing Out (raos ajrih/kuwatos manawi boten ndherek trend utawi ingkang nembe viral). Tumraping sawatawis nem-neman, ndherek trend ingkang viral punika satunggaling bukti bilih piyambakipun sampun kasil, ketingal langkung unggul tinimbang sanesipun. Bab punika nuwuhaken bingah lan mongkog ing salebeting manahipun. Ananging punapa ginanipun sedaya punika?

Rasul Paulus ing Filipi 3 ngrembag babagan perangan-perangan kadonyan ingkang satata pranatan Yahudi mapanaken piyambakipun wonten ing kawontenan ingkang agung/luhur: bab pranatan, bab tradisi lan kabudayan, malah dumugi ing bab sregep nganiyaya para pendherekipun Gusti Yesus lan tanpa cacad anggenipun nindakaken angger-angger Toret. Ananging sedaya punika karaos muspra nalika sampun tepang kaliyan Gusti Yesus. Ingkang rumiyin saestu dipun gungaken, wekdal samangke dados prekawis ingkang nglaha. Rasul Paulus ngraosaken bilih gesang ingkang aji punika gesang ing salebeting pamratobat. Piyambakipun ngowahi gesangipun lan nilar punapa ingkang kawawas aji ing gesang laminipun.

Kita sedaya kaemutaken, bilih gesang lami ingkang namung nguja pepenginan hawa nepsu punika sejatosipun nglaha. Punapa ta ginanipun rina wengi namung pados marem lan bombonging manah? Sedaya ingkang karaos aji dados nglaha nalika kita sampun wanuh kaliyan margining kawilujengan ingkang saking Gusti. Mila, punapa kita sagah nilaraken gesang lami lan sami ngarah dhateng gesang sejati? |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline