KATRESNAN INGKANG NYANTOSAKAKEN

KATRESNAN INGKANG NYANTOSAKAKEN

Rebo, 7 Oktober 2026 Minggu Limrah

Musthikaning Kidung 8:5-14 ; Jabur 144; Yokanan 11:45-57

KATRESNAN INGKANG NYANTOSAKAKEN

”Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka,kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah…” (Musthikaning Kidung 8: 6a)

————————————————————————————————————————–

Limrahipun tiyang punika rumaos remen nalika dipun tresnani. Awit katresnan punika kajawi ndadosaken bingah, ugi ndadosaken gesang kita wonten grengsengipun. Katresnan punika nuwuhaken semangat lan paring daya kakiyatan ingkang ageng tumraping manungsa. Awit saking punika tiyang Kristen kedah ngudi murih katresnan saged ngrasuk wonten ing gesangipun lan dados perkawis ingkang utami.

Waosan Musthikaning Kidung 8:6a punika asring kita panggihi ing pahargyan-pahargyan manten, awit panci nyariyosaken babagan katresnan ingkang kiyat lan santosa kadosdene pepejah. Kenging punapa ngginakaken pasemon katresnan punika kadosdene pepejah? Awit boten wonten ingkang saged nglawan dayaning pejah. Mila begja tiyang ingkang kagungan katresnan wonten ing gesangipun, awit tiyang punika mesthi kagungan kasantosan lan daya gesang.

Amargi katresnan punika nggadahi daya ingkang ageng, kita ugi kedah waspada kaliyan jinising katresnan ingkang saged damel cilaka. Katresnan ingkang kados makaten punika katresnan dhateng dhiri pribadi (egois). Tiyang ingkang egois punika boten maelu dumateng kawontenaning asanes, ingkang baken punapa ingkang dados kapentinganipun saged kasembadan. Kamangka, minangka tiyang Kristen kita boten kepareng tumindak kados makaten. Kita kedah nandukaken katresnan ingkang sumadya kangge ngurbananken diri murih kasaenaning sesami. Katresnan ingkang damel tatu, punika sanes katresnan. Katresnan ingkang namung nengenaken kapentinganipun pribadi, punika sanes katresnan. Katresnan ingkang sejati punika nyantosakaken lan ngiyataken gesangipun manungsa. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline