Ahad, 11 Oktober 2026 Minggu Limrah
Yesaya 25:1-9 ; Jabur ; Filipi 4:1-9; Mateus 22:1-14
SITHIK KANG PINILIH
“Sabab akeh kang tinimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih” (Mateus 22:14)
————————————————————————————————————————–
Dados pandhita punika tamtu pilihan gesang ingkang boten gampil. Sinaosa pandhita asring kawastanan minangka abdinipun Allah ingkang saking lesanipun mijil pangandikanipun Allah, ananging pranyata boten kathah ingkang nyamektakaken dhiri dados pandhita. Wonten ing sekolah Teologia kemawon, boten sedaya lulusanipun lajeng dados pandhita sinaosa ing pawiyatan punika sampun sinau sedaya babagan mranata gesang peladosan ing gereja. Panci leres bilih kathah ingkang nampi timbalan, ananging namung sakedhik ingkang saestu pinilih.
Injil Mateus 22:1-14 nyariyosaken pasemon bab pahargyan manten satunggaling ratu. Ananging pranyata ingkang dipun ulemi boten wonten ingkang rawuh kanthi pawadanipun piyambak-piyambak. Lajeng sang nata dhawuh supados madosi tiyang-tiyang ing margi lan dipun aturi nderek ing pahargyan punika. Ingkang suwaunipun dipun ulemi malah boten saged ndherek mlebet suka bingah ing pahargyan punika. Kepara malah ingkang suwau boten nampi uleman ananging sumadya rawuh nyengkuyung ingkang ndherek suka bingah ing pahargyan punika. Ingkang nampi timbalan ananging suwala lan boten samekta boten badhe nampi kanugrahan kapiji minangka peladosipun Gusti.
Bab punika boten namung tumrap peladosan minangka pandhita, ananging sedaya peladosan ing jagad punika. Saben tiyang Kristen katimbalan kangge ndherek lelados miturut kesagedanipun piyambak-piyambak. Ananging pranyata boten sedaya tiyang Kristen sumadya ngestokaken timbalan punika kanthi maneka warni pawadan. Boten preduli kapan lan wonten pundi kita tinimbalan, wusananipun ingkang ndherek ing kamulyanipun Sang Nata namung ingkang samekta. |*WAS
