”INGKANG SAMPUN KALAMPAHAN SANES PAMBENGAN”

”INGKANG SAMPUN KALAMPAHAN SANES PAMBENGAN”

Slasa, 13 Oktober 2026 Minggu Limrah

Amos 9:5-15; Jabur 34; Filipi 3:13-4:1

”INGKANG SAMPUN KALAMPAHAN SANES PAMBENGAN”

”nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus” (Fil 3:14)

————————————————————————————————————————–

             Sinten ingkang saged ngambali malih wekdal ingkang sampun kalampahan? Boten wonten manungsa ingkang saged. Boten wonten titah ing jagad punika ingkang saged wangsul malih ing wekdal ingkang sampun kalampahan. Mila punika, wonten tetembungan ingkang mratelakaken supados nggemeni wekdal, utawi ngginakaken wekdal kanthi prayogi mumpung taksih kaparingan wewengan. Asring manungsa rumaos kuciwa amargi wonten prekawis ingkang kalampahan lan boten laras kaliyan pepenginanipun. Nalika ngalami ingkang kados makaten, kita gampil nglepataken dhiri pribadi, ugi saged nglepataken tiyang sanes. Kamangka, punika namung babagan raos getun amargi boten saged ngambali wekdal malih.

             Filipi 3:14 ngemutaken kita sedaya bilih saben tiyang temtu kagungan bab-bab ingkang dereng sampurna ing wekdal ingkang sampun kalampahan. Ananging Rasul Paulus memulang supados kita boten ndadosaken bab punika minangka pambengan ngestokaken timbalan gesang saking Gusti. Rasul Paulus pitados bilih Gusti Allah nimbali manungsa ndherek wonten ing pakaryan kawilujengan punika boten adhedhasar bab-bab ingkang sampun kalampahan, ananging babagan sinten ingkang samekta. Rasul Paulus piyambak ing wiwitan nggadahi peranganing gesang ingkang boten mranani ing Gusti. Pranyata, punika mboten mambengi Gusti Allah anggenipun kepareng nimbali Rasul Paulus dados sarana Injil Kratoning Allah sumrambah ing bumi.

             Saben tiyang temtu gadah bab-bab ingkang dereng rampung ing wekdal kepengker. Ananging sampun ngantos bab punika dados pambengan tumrap kita. Ingkang wigati inggih punika, sanes menapa ingkang sampun kelampahan ing wekdal kepengker, ananging punapa kita samekta ngowahi dhiri kangge wekdal ingkang badhe kelampahan. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline