NULAD KANG BECIK

NULAD KANG BECIK

Kemis, 15 Oktober 2026 Minggu Limrah

Para Hakim 17:1-6; Jabur 96:1-9; 3 Yokanan 1:9-12

NULAD KANG BECIK

”He, sadulurku kang kekasih, aja nulad marang kang ala,nanging nulada kang becik. Sapa kang gawe becik, iku asale saka Allah, nanging sapa kang gawe ala, iku ora tau weruh marang Allah” (3 Yokanan 1:11)

————————————————————————————————————————–

“Tuntunan dadi tontonan, tontonan dadi tuntunan”. Tetembungan punika ateges bilih ingkang kedahipun dados pranatan kepara namung kawaos kemawon tanpa katindakaken. Kosokwangsulipun, ingkang sejatosipun namung tontonan kepara malah katampi minangka tuntunan gesang. Kenging punapa tontonan saged malik dados tuntunan? Amargi kathah tiyang ingkang kepengin ketingal kekinian piyambak utawi majeng piyambak babagan tren ingkang nembe viral. Sangsaya cepet anggenipun niru tren ingkang nembe moncer, langkung kathah pangalembana ingkang katampi. Kamangka, ingkang moncer punika dereng tamtu sae lan maedahi tumrap gesang kita minangka tiyang pitados.

Pangandikanipun Gusti wonten ing Serat 3 Yokanan 1:11 ngemutaken kita supados nulad dhateng perangan ingkang becik. Ing kasunyatan, panci nulad ingkang becik punika langkung awrat tinimbang nulad ingkang awon. Nulad ingkang becik punika kalamangsanipun mbetahaken pangurbanan, mbetahaken manah ingkang kiyat anggenipun nindakaken. Sinaosa awrat, ananging ingkang becik punika ingkang badhe nuntun dhateng Gusti Allah, awit ingkang sae punika pinangkanipun saking Gusti Allah piyambak. Balik sinten ingkang nindakaken perangan ingkang awon, tiyang punika kadosdene ingkang boten wanuh kaliyan Gusti Allah.

Minangka umat kagunganipun Gusti, kita tinimbalan nindakaken samubarang ingkang becik sinaosa ngemu resiko lan kapitunan. Bilih miturut etangan kadonyan, nindakaken kabecikan ngantos wonten pangurbanan punika tumindak ingkang bodho. Ananging ingkang pitados saestu dhateng Gusti mesthi ngugemi bilih ingkang kaanggep bodho tumrap jagad punika minangka ingkang sae ing ngarsanipun Allah. Sumangga nulad ingkang becik, ampun ingkang awon. |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline