KUDU NYANDHING ANGGER-ANGGER

KUDU NYANDHING ANGGER-ANGGER

Jemuwah, 16 Oktober 2026 Minggu Limrah

Pangandaring Toret 17:14-20; Jabur 96:1-9; 1 Petrus 5:1-5

KUDU NYANDHING ANGGER-ANGGER

“Samangsa wus kelakon lenggah ing dhamparing keprabon, banjur gawea layang turunane angger-angger iki, miturut kitab kang kadarbe dening para imam lan wong Lewi” (Pangandharing Toret 17:18)

————————————————————————————————————————–

             Punapa kuwajibanipun pangarsa ingkang sampun kapiji nalika pemilu legislatif ing Indonesia? Temtu kedah nindakaken ayahan lan tanggel jawabipun kanthi saestu. Nalika dipun kekahaken ing kalenggahan minangka pangarsaning negari, tiyang-tiyang punika ugi kedah ngucapaken sumpah/janji ing ngarsanipun Gusti srana janji ing sangajengipun Kitab Suci. Ananging, sasampunipun lenggah ing panggenan ingkang inggil, lajeng kathah ingkang kesupen babagan lelados dumateng masyarakat.

Kasus korupsi ing Indonesia kalebet inggil, lan sinaosa gadhah Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK), emanipun malah wonten peranganing KPK piyambak ingkang nindakaken korupsi. Mila lajeng wonten tiyang ingkang matur “Lha karo Gusti Allah wae ora wedi, apamaneh karo padha-padha manungsane?”

             Waosan Kitab Suci wonten ing Pangandharing Toret 17:14-20 nelakaken satunggaling perangan ingkang wigatos. Para ratu ingkang kapiji mimpin nagari punika wajib nyandhing angger-angger ingkang saking Gusti lan kedah dipun waos saben dinten. Kenging punapa wonten kuwajiban kados makaten? Supados ingkang jumeneng nata punika tansah enget bilih kalenggahan minangka ratu punika peparing saking Gusti Allah, lan angger-angger saking Gusti Allah punika ingkang nuntun lan paring kawicaksanan anggenipun mranata lampahipun negari.                 Mbok menawi perangan ingkang sami saged dipun trepaken dhateng pangarsa ing nagari kita. Sasampunipun nampi kalenggahan, wonten wekdal mirunggan saben dinten kangge nyuraos bab kapitadosanipun srana Kitab Suci. Ananging, temtu sedaya punika tanpa gina menawi pangarsa punika namung migatosaken kapentinganipun piyambak. Kamangka, kalenggahan ingkang inggil ngemu tanggel jawab ingkang langkung inggil ugi. Punapa wonten ingkang sagah nindakaken ingkang kados makaten? |*WAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline