1 Gusti kang murbeng dumadi, kawula sami sowan ngaturaken pangabekti ingkang yekti. Ngunjukaken puja puji, panuwun lan panyuwun anampeni, sabdeng Gusti.
KPJ 5 DHUH PANGÈRAN
1 Dhuh Pangèran Ingkang Maha Suci, kula sami marek tetunggilan. Salir bangsa salumahing bumi amemuji mring asmané Gusti. 2 Gusti tresna mring kula sadaya, saking kilèn miwah saking wétan, sami nunggil klayan Sang Pamarta, Yésus Kristus kang dados Panutan.
KPJ 4 DHUH NYAWAKU, SIRA SAOSA PUJI
1 Dhuh nyawaku, sira saosa puji mring Pangeran Allah Kang Maha Suci. Sabatinku ngluhurna asmané. Dhuh nyawaku, Yehuwah kamulyakna. Aja lali sagunging kadarmannya. Élingana sawiji-wijiné. 2 Pujinen kang ngapura dosanira, kang marasken sagung lelaranira nebus uripmu saking antaka; kang angerobi sira lan kawlasan, kang maregi umurmu lan kadarman, wah ngenomaké kekwatanira 3 Sepira langit angungkuli bumi, semono gunging sihé Kang Masuci, mring wong kang nyaosi pangabekti. Sepira dohé kulon saking timur, iya semono dènnya dosaningsun ingedohken saking awak amba*.
KPJ 3 ALLAH MBABARKEN KWASANYA
1 Allah mbabarken kwasanya, pra kang nglawan buyar sirna lir lilin kénging brama, nging gung tyang mursid raharja, memuji lan sukarena, ngarseng Allah Mamulya. Pangèran jumeneng Rama tumrap salir tyang sangsara, ngluwari tyang siniya, temahan ngraosken begja. Déné tyang wangkot mbaléla siniksa bebendunya. 2 Allah mbélani pra umat ngagem sarana mukjijat wah salir kang neng jagad; Pangèran ngrentahken berkah kang nglimat sagunging titah, temah kraharjan anjrah. Wit kadarmaning Pangèran, tyang tinindhes kaluwaran, temah tan wonten panandhang ing rèhing Ratu Kaswargan. Dépara wadya-balanya, tyang nyebar kabar adya. 3 Allah Ratu kaadilan wus ngasorken pra adigang, temah kasurang-surang. Nging tyang ringkih ingauban, pinaringan gung kabegjan, karoban karaharjan. Gusti miji pasucènnya papan puruging manungsa, kinèn samya angabekti konjuk mring Allah Hyang Widi. Dalah kang swau mbaléla, nggih samya asung puja. 4 Allah Juruslamet yekti ngentas pra umat sing pati, temah samya basuki. Mila pra umat sabumi kedugi sami memuji, anggunggung maring Gusti. Sèstu Allah Mahaluhur, yogya pinuji lan masmur, Lestantuna nêng ngarsanya, wit mung Gusti Kang Makwasa, Yéku kang ngganjar kamulyan wah paring kakiyatan.
KPJ 2 ALLAH MAHASUCI
1 Allah Maha suci, kula asung puji ing pangibadah puniki agung kamulyanta, ageng sih Paduka kang nitahken jagad raya. Pinuji Hyang Widi, kang siyang lan ratri ngreksa lan ngrimati. 2 Dhuh Allah Makwasa, kanthi trusing driya kawula nlangsani dosa. Mugi angapunten sarta nucèkaken, temah gesang kula ayem. Pinuja Sang Rama kang ngutus Sang Putra, jumeneng Pamarta. 3 Dhuh Allah Mamirah, sru adrenging manah. kula sami nyadhong berkah. Nggih sabda kang suci, sabdanipun Gusti: kang paring gesang sejati. Pinuji Roh Suci kang ngénggalken budi. nilar gesang lami. 4 Allah Mahaluhur, kula saos sokur, dalah pisungsung kang katur. Bandha sarta badan miwah kasagedan. dadosa kurban kang gesang. Pinundhi Roh Suci ingkang mbereg ati, bekti dhateng Gusti.
KPJ 1 ALLAH IKU MAHAKWASA
1 Allah iku Maha kwasa, kang nitahken langit-bumi, tinalesan srana samodra, tumumpang ing kali-kali. Yekti Allah Mahakwasa, yogya tansah pinuji puji 2 Kang kepareng ngabyantara anèng Padaleman Suci, kang resik tangan wah manahnya, tan naté dosa ing lathi Yéku tyang mursid sanyata, tansah setya dumugèng janji. 3 Berkahing Pangèran tumrah mring tyang ajrih-asih yekti, gesang tansah tentrem-rahayu wit kaadilaning Gusti. Kang tansah ngupadi Allah, kangen Gusti rina lan wengi. 4 Gapuraning Padaleman kangkata, mrih ombèr sèstu. krana Sang Ratuning kamulyan kepareng tindak lumebu, yéku Gustining kaswargan Kang Mahakawasa, Allahmu.
