1 Kula tumenga mring Gusti kang pinarak ing swarga, kados mripatipun abdi, mulat dhateng Gustinya. Nggih mekaten mripat amba, mandeng mring Gusti kula, ngajeng ajeng pitulungan, ngadhang rentahing sihnya. 2 Mripat amba tansah mandeng dhateng Allah kawula kados abdi ingkang nyawang mring astaning Gustinya sami ngadhang pitulungan; saking Kang Sinuwitan; nggih makaten ingkang abdi nyadhong piwlasing Gusti.
KPJ 14 KULA SAMYA TETUNGGILAN
1 Kula samya tetunggilan, ngabekti mring Pangeran, wit sinungan kacekapan wah bagas kasarasan Kula tansah nggunggung Gusti lan ajrih asih yekti, wit ing ayoming sihira sestu tentrem raharja. 2 Kula rinoban ing begja rinten-dalu tan kendhat, ing lelampahan prasaja dalah srana mukjijat 3 Kula rinimat ing Gusti, sarta sagunging titah, mangsa kang silih-gumanti, samukawis mung endah 4 Kawula nggih binerkahan lantaran mitra-kadang; sumanaking pitepangan tan wonten memengsahan.
KPJ 13 KULA SAMI SOWAN
1 Kula sami sowan, kaparing ana kakyatan mundhi timbalan Mugi katedhakna pangwasaning Roh Paduka, nganthi kawula Wit pangreh Paduka sestu andayani temah kula kwawi nglampahi 2 Kula kasagedna ngundhangken sabda Paduka kalayan setya. Ngungkurken kadonyan, nyelaki dhampar kaswargan sumber kraharjan. Temah tyang sajagad, sagunging pra umat ngluhuraken Kang Amengku Rat. 3 Ingkang winartosan sageda manggih kraharjan wah katentreman. Wit kwaos Paduka kawilujengan kawula; kula sung puja. Mugi kapyarsakna pandonga kawula. ing asma Sang Kristus. Amin.
KPJ 12B KULA SAMI KEKEMPALAN
1 Kula sami kekempalan, memuji dhateng Allah, Kang Mahaasih Mahawlas mring sakehing tumitah.
KPJ 12A KULA SAMI KEKEMPALAN
1 Kula sami kekempalan, memuji dhateng Allah, Kang Mahaasih Mahawlas mring sakehing tumitah. 2 Agung kanugrahanipun dhumateng para umat. Agung palimirmanipun mring tiyang kang mratobat. 3 Ngantos Kang Putra Kinasih ingutus dhateng donya, ambabarken welas-asih, sinungken mring manungsa. 4 Supados sawarninira tetiyang kang pracaya mring Kang Putra, datan sima, nging gesang salaminya.
KPJ 11 KULA NGATURKEN SEMBAH
1 Kula ngaturken sembah, dhuh Pangeran Yehuwah, nggunggung asma Paduka Kang Maluhur Mamulya; Gustining makluk samya, klayan bingahing driya 2 Dhuh, Sang Yéhuwah, Gusti. Paduka kula puji, ing dalu dalah rina. Agung sih kawlasanta, lubèr berkah Paduka tumrah mring titah wrata. 3 Dhuh, Yéhuwah Pangéran, kawula ngidung girang. Wit sih-rahmat Paduka, kula samya waluya, luwar sing rèhing pati sinungan gesang yekti.
KPJ 10 HE WONG SALUMAHING BUMI
1 He wong salumahing bumi padha sumyaka memuji lan ngabektia mring Allah kambi ngidung klawan bungah 2 Hyang Ma’agung dèn anggepa Allah kang nitahken kita. Kita umat kagungané, sarta ménda ngèn-ngènané. 3 Mlebua mring gapuranya klawan muji lan pirena, wah marang ing pasucèné, klawan anggunggung asmané. 4 Dé Pengéran asih-darma alanggeng sih-kadarmannya, wah kasetyané tan kendhat, tan gingsir trus ing akérat.
KPJ 9 HÉ, SARUPANING PRA UMAT
1 Hé, sarupaning praumat, padha mujia mring Allah. Hé, sakèhing para bangsa, asmané padha luhurna. 2 Wit sih-kadarmané Allah, luwih gedhé tumrap kita, langgeng kasetyané Allah, mila pinuji-pujia.
KPJ 8 HALELUYA
1 Haleluya pangeran aneng papan pamujan, pinuji asmanya, dalah aneng akasa Wit Gusti Allah Makwasa, kamulyannya Maadi, ngungkuli samudaya, munggweng swarga lan ing bumi 2 Linuhurna Hyang Agung klayan sagunging kidung, binarung salir gangsa wah kang mijilken swara. Geguritan wah beksannya makluk kang darbé nyawa, ngluhurna Hyang Makwasa sru ngidungna Haléluya!
KPJ 7 GUSTI, KAWULA SOWAN
1 Gusti, kawula sowan atur pangabekti, pasrah nyawa lan badan kanthi trusing ati. Mugi Paduka tampi, wah paring kadarman, dimen kula lestantun wonten ing kraharjan. 2 Kawula sèstu ngudi manut rèhing Gusti, nanging ringkihing budi tansah memalangi. Dhuh Gusti, mugi rawuh, mulunga ing asta, dadya gondhèlan bakuh, kula tan suwala. 3 Kula sèstu pracaya tan ngandelken dhiri, namung karsa Paduka kang kula lampahi. Karahayon sejati pangajap kawula, sedya ngambah ing margi pitedah Paduka. Amin.
