KASETYAN

KASETYAN

“Nanging aturue Rut: Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten nderek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula.” (Rut 1:16)

Saksampunipun mbabaraken putra ragil, semahipun pak Arif dhumadakan lumpuh total. Saben dinten pak Arif ingkang ngresiki reregedipun, ngedusi, lan ndulang. Sakderengipun tindak nyambut damel, semahipun dilenggahaken ing ngajeng TV supados boten kesepian. Pak arif punika mesti ngajak semahipun ngobrol sanadyan piyambakipun mangertos semahipun namung saged mirengaken. Ananging bab punika sampun cekap ndamel pak Arif bingah. 25 taun pak Arif nedahaken kasetyanipun sinambi ngrimat lare-larenipun. Boten nate piyambakipun sambat sinaosa sakedhik kemawon.

Kasetyan punika gampil dipun ucapaken, ananging boten gampil dipun buktekaken. Kita saged kemawon tumindak setya nalika kawontenanipun mbingahaken, nanging kados pundi nalika kawontenan owah dados boten sae? Punapa kita tansah saged setya? Punapa kita saged setya dhateng semah kita? punapa kita ugi tetep setya dhumateng Gusti? Kita saged mbuktekaken kasetyan kita punika nalika kawontenan boten ngremenaken.

Naomi sampun sepuh lan kecalan sedayanipun. Punika ingkang damel Naomi ndawuhi Rut, putra mantunipun supados nilar piyambakipun. Nangging Rut boten purun nilaraken ibu marasepuhipun punika. Rut tetep setya kange ngrencangi, badhe ndherek lan ngrimati marasepuhipun. Sikepitun Rut punika nelakaken bilih piyambakipun saestu priyantun ingkang setya lan tulus, tanpa pamrih.

Kadospundi kaliyan kita? punapa kita ugi saged setya kaliyan prajanji kita ing gesang bebrayatan, ing gesang masamuwan dalah ing satengahing masyarakat? Sumangga sami mbuktekaken. |*EW

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline