PASRAHNA MARANG PANGERAN

PASRAHNA MARANG PANGERAN

“Uripmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah sarta kumandelamarang Panjenangane, Panjenengane kang bakal tumindak.” (Jabur 37:5)

Tembung eben haezer ngemu suraos “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene”. Tembung punika saged nelakaken kapitadosan kita, bilih Gusti Allah tansah nyarengi lan boten nate nilar kita. Pakaryanipun Gusti Allah ugi dipun raosaken dening prabu Dawud ingkang sinerat ing kekidunganipun.

 Kadhangkala, tiyang duraka ketinggal langkung sae lan sukses katimbang tiyang ingkang leres. Nanging, prabu Dawud ngendika: “Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong kang culika; amarga iku enggal bakal padha layu kaya suket, utawa alum kaya tetuwuhan kang ijo” (Jabur 37:1). Tegesipun, sinaosa tiyang duraka ketingal sukses ing gesangipun ananging kawontenanipun namung sakwetawis wekdal kemawon. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang tansah mbudidaya gesang kanthi tuhu setya dhumateng Gusti, sinaosa asring nandhang kasangsaran ananging badhe tansah lestantun gesangipun. Lumantar rupi-rupi prekawis ing gesang sejatosipun Gusti Allah nggulawentah para kagunganipun. Tiyang ingkang setya tuhu badhe sangsaya kiyat lan sembada.

Prabu Dawud mbereg kita sami supados tansah masrahaken gesang kita sawetahipun dhumateng Gusti Allah. Gusti Allah badhe tansah makarya kangge mbabaraken kabeneran kadosdene pepadhang. Timbalan kita inggih nglampahi punapa ingkang saged dipun lampahi, dene bab-bab ingkang nglangkungi watesing kekiyatan lan kasagedan kita, Gusti Allah ingkang badhe tumidak. Ingkang prelu inggih punika tansah nganti-anti pitulunganipun Gusti lan tansah setya netepi punapa ingkang dados karsanipun Gusti ing gesang kita. Kita boten prelu nepsu, boten prelu stress, boten prelu meri ningali kawontenaning tiyang-tiyang ingkang culika lan tansah tumindak awon. Tansah ngenera dhumateng Gusti kanthi gumolonging ati. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline