AJA NGANTI LALI!

AJA NGANTI LALI!

“Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lalimarang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu” (Pangandharing Toret 4:9)

Lali utawi supe punika dados salah satunggaling bab ingkang asring dipun alami dening manungsa. Lali punika sebabipun kathah. Lali amargi nembe kathah padamelan, lali amargi kirang ngestokaken, lali amargi pancen daya enget ingkang winates, lali amargi dumadakan wonten kedadosan ingkang boten dipun nyana, lan amargi sebab sanesipun. Lali punika asring kaanggep minangka bab ingkang limrah.

Lali ngengingi bab-bab ingkang sepele punika akibatipun boten patosa awrat. Contonipun, lare ingkang kelalen boten mbekta pinsil nalika mangkat sekolah. Punika taksih kalebet entheng amargi saged ngampil pinsil kancanipun utawi tumbas pinsil wonten ing Koperasi Sekolah. Ananging manawi ngantos lali dhateng bab-bab ingkang wigati, akibatipun saged fatal lan saged ndhatengaken masalah ingkang awrat. Contonipun, manawi ibu kesupen boten mateni kompor nalika tidak dhateng peken. Punika kalebet awrat resikonipun, saged ngantos kobongan griya.

Nabi Musa ngengetaken umatipun Gusti, ingkang sampun nampi piwucal lan anggeri-anggeripun Gusti. Umat ingkang sampun ngalami lan nekseni pakaryanipun Gusti Allah ing satengahing gesangipun. Nabi Musa ngengetaken supados umat ampun ngantos kesupen dhateng pakaryan ingkang sampun katindakaken dening Gusti punika. Bab punika wigati sanget amargi, kanthi tansah enget dhateng punapa ingkang sampun katindakaken dening Gusti, umat kabereg tansah kumandel lan sumendhe dhumateng Gusti. Kanthi ngestokaken angger-anggeripun Gusti, umat kabereg tansah lumampah ing margi ingkang leres umbuh kaliyan karsanipun Gusti. Kosokwangsulipun manawi ngatos kesupen dhateng prekawis ingkang wigati punika, umat saged mblasar, gesang manut pepenginanipun piyambak lan sangsaya nebih saking Gusti. Kanthi mekaten, gesangipun umat boten badhe manggih raharja.

Kadospundi tumrap kita? Piwelingipun nabi Musa punika ugi prayogi kita estokaken. Ampun ngantos kesupen dhateng katresnan saha pakrayanipun Gusti ing sauruting gesang kita. Amin. |*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline