KAWICAKSANAN SAKING NGALUHUR

KAWICAKSANAN SAKING NGALUHUR

“Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis” (Yakobus 3:16)

Rasul Yakobus nandhesaken bilih sipat meri lan mung mikir awake dhewe punika saged ndadosaken risaking gesang sesarengan. Meri punika sipat boten rila ningali kawontenanipun tiyang sanes, boten seneng ningali kasaenanipun tiyang sanes. Krentegipun kadospundi supados tiyang sanes punika ampun ngantos langkung sae tinimbang piyambakipun. Manawi pranyata piyambakipun boten saged ngungkuli tiyang sanes, saged kemawon lajeng menghalalkan segala cara murih dhawah utawi gagalipun tiyang sanes. Sipat meri punika gandheng ceneng kaliyan sipat mung mikir awake dhewe lan boten preduli dhateng sesami.

Sejatosipun saben manungsa mesthinipun nggadhahi raos meri lan  pepenginan kangge nengenaken kepentinganipun piyambak. Ananging minangka para kagunganipun Gusti, prayogi kita tansah ngendhaleni dhiri supados boten dipun kuwaosi dening raos meri lan namung mikiraken badan kita piyambak. Lumantar seratipun rasul Yakobus, Gusti Allah nimbali kita supados gesang kanthi wicaksana.

Kawicaksanan punika boten saged kaparingaken dening donya, amargi donya punika winengku dening hawa nepsu. Kawicaksanan punika asalipun saking ngaluhur, inggih punika saking Gusti Allah, kadosdene sinerat ing Kitab Wulan Bebasan 9:10, “Kawitane kawicaksanan iku wedi asih marang Sang Yehuwah, lan kawruh bab Kang Mahasuci iku budi.” Tiyang ingkang wicaksana punika tiyang ingkang ajrih asih lan ngabekti dhumateng Gusti. Manawi gesang kita namung mikiraken kepentingan kita piyambak, tegesipun boten ajrih asih dhumateng Gusti, boten ngabekti dhumateng Gusti, ananging nggugu pikajenganipun piyambak.

Para pitados punika gesang ing patunggilanipun Gusti, pramila kedah tansah mujudaken gesang ingkang sembada lan wicaksana. Rasul Yakobus ngendika, “… kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.” (Yak.3:17). Sumangga sami nglampahi gesang kanthi wicaksana.|*ERY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Contact

Email : sekberbmgj@gmail.com

Kantor Sekretariat Bersama @sinode GKJ
(0298) 326684

© 2022 Created by SekberBMGJ

This website uses cookies to provide you with the best browsing experience.

Accept
Decline