“Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.” (Mateus 5:16)
Gusti Yesus nelakaken bilih para sakabatipun punika minangka pepadhanging jagad. Saestunipun pepadhanging jagad punika inggih Gusti Yesus piyambak. Piyambakipun ngendika “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni pepadhanging urip” (Yokanan 8:12). Kawontenan kita minangka pepadhaning jagad punika kados rembulan ingkang mantulaken padhanging srengenge, utawi kados dilah ingkang pikantuk geni saking Gusti Yesus, sang sumber pepadhang. Dilah punika sanadyan padhangipun alit, nanging saged migunani lan dipun betahaken sanget ing satengahing pepeteng.
Punapa ta ginanipun pepadhang ing gesang kita punika? Wontenipun pepadhang punika ndadosaken tiyang saged mirsani kawontenan ing sakiwa tengenipun. Kanthi wontenipun pepadhang, tiyang saged nglampahi rupi-ripu kegiyatan, saged maos, saged nyambut damel, saged olah raga, lan sanes-sanesipun. Wontenipun pepadhang ndadosaken tiyang rumaos ayem awit saged mirsani margi ingkang kedah dipun lampahi kanthi cetha, boten kuwatos badhe kesandhung utawi nubruk tembok. Pepadhang ugi dipun betahaken dening kewan dalan tetuwuhan.
Gusti Yesus nimbali dan netepaken para pandherekipun dados pepadhanging jagad. Bab punika ngemot timbalan supados para para kagunganipun Gusti, kalebet kita punika mujudaken gesang ingkang migunani ing satengahing jagad. Kita tinimbalan nyunaraken cahyanipun Sang Kristus, inggih punika kayekten, kaadilan dalan katresnan ing satengahing donya ingkang peteng amargi dosa. Punapa kula dalah panjenengan sampun mujudaken gesang minangka pepadhang ing satengahing jagad punika? |*EW
