05“Paring wangsulane: Ceples temen pamecane Nabi Yesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis! Sabab wis katulisan: Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe, nanging atine ngedohi Ingsun.” (Markus 7:6)
Mochtar Lubis salah satunggaling jurnalis lan novelis nalika pidato ngendika bilih kathah manungsa ing Indonesia punika asipat hipokrit utawi munafik. Pidato punika lajeng dipun dadosaken buku ing Taman Ismail Marzuki ing tahun 1977. Tetembungan ingkang dipun ucapaken benten kaliyan punapa ingkang dipun tindakaken. Benten ing thuthuk, benten ing manah. Punika kinten-kinten gegambaran tiyang ingkang munafik.
Rombonganipun tiyang Farisi lan ahli Taurat manggihi Gusti Yesus kangge ngunjukaken pitakenan bab tumindaking para sakabatipun Gusti. Para sakabat dipun anggep boten netepi adat istiadatipun para leluhur. Adat punapa ingkang dipun terak? Miturut Markus, para sakabat sami nedha kanthi tangan ingkang boten dipun wisuh. Awit wonten keyakinan manawi tanganipun najis, mila sedaya ingkang dipun dumuk ugi dados najis. Menawi tiyang nedha daharan ingkang najis, mila piyambakipun ugi dados najis. Mila wigati sanget astanipun dipun wisuh rumiyin. Nanging miturut Gusti Yesus, bab ingkang damel najising tiyang punika, sanes punapa ingkang lumebet ing cangkem, ananging punapa ingkang medal saking cakeming manungsa.
Miturut tiyang Farisi lan ahli Taurat, ingkang kaanggep wigati punika punapa ingkang ketingal secara lahiriah. Ananging miturut Gusti Yesus, tiyang-tiyang punika namung kados tiyang Yahudi ing zaman Yesaya, ingkang secara lahiriah kemawon anggen ngibadah lan ngabekti dhumatrng Gusti kanthi thuthuk kamangka manahipun tebih saking Gusti.
Wonten ing ngarsanipun Gusti, kawontenaning manah kita punika ingkang nemtokaken, awit manah punika sumberipun gesang. Awit punika, sumonggo tumindak lambpangucap kedah dipun tindakaken kanthi gumolonging manah.|*EW
