“Gusti Yesus banjur nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: “Padha ngadega, aja wedi.” (Mateus 17:7)
Dados umat kagunganipun Gusti Allah punika saestu bingahaken. Pinarengan lan kasagedaken sowan dhumateng Gusti Allah punika mesthi ugi sansaya bingahaken. Kita mangretosi bilih manungsa dosa punika sejatosipun boten pantes lan boten saged sowan dhumateng Gusti. Pramila, manawi Gusti paring kanugrahan, ngeparengaken kita sowan lan celak kaliyan Panjenenganipun, punika kedah dipun tampi kanthi raos sokur.
Ing prastwa transfigurasi, tetela bilih Gusti Yesus punika saestu Allah ingkang sejati. Panjenenganipun sanes namung guru tumrap para sakabatipun, ananging ugi Gusti Allah piyambak. Aben ajeng kaliyan kamulyanipun Gusti, para sakabat (Petrus, Yakobus lan Yohanes) sami rumaos ajrih lan sumungkem ing bumi (ayat 6). Ananging “Gusti Yesus banjur nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: Padha ngadega, aja wedi.” (ayat 7).
Waosan punika saestu nandhesaken bilih Gusti Yesus punika Allah ingkang Mahamulya, ingkang keparneg ngasoraken sariranipun lan nyelaki manungsa ingkang dosa. Panjenenganipun paring kasantosan dhateng sok sintena ingkang purun pitados lan nampi pakaryanipun. Wonten ing Sang Kristus, Gusti Allah nyelaki manungsa, nimbali manungsa supados nggadhahi sesambetan ingkang raket kaliyan Panjenenganipun.
Minangka umat kagunganipun Gusti, kita tansah bingah lan muji sokur dhumateng Gusti. Kita dipun keparengaken sowan Gusti, ngarosaken panganthi lan pangrimating Gusti ing saben dintenipun. Kita sami katuntun dening sabdanipun Gusti ingkang dados dilah ing gesang kita. Sinaosa ing gesnag punika kathah pambengan dalah pepalang, ananging Gusti Yesus tansah nglipur lan ngiyataken kita. Nalika kita rumaos ajrih lan lungkrah ngadhepi kawontenaning gesang, Panjenenganipun tansah celak kaliyan kita lan ngendika, “Padha ngadega, aja wedi!”. |*EW
